Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| Iki sarasilahe turune Bapa Adam. Nalika Gusti Allah nitahake Bapa Adam, anggone karya nulad pasemone Gusti Allah. |
| 2 |
| Anggone nitahake lanang lan wadon sarta padha diberkahi tuwin disebut: “Manungsa” yaiku ing nalikane padha katitahake. |
| 3 |
| Bareng Bapa Adam umur satus telung puluh taun, nuli duwe anak kang ngemperi rupa lan pasemone, dijenengake: Set. |
| 4 |
| Sawuse duwe anak Set mau, Bapa Adam isih ginanjar umur wolung atus taun maneh, sarta duwe anak lanang lan wadon. |
| 5 |
| Dadi gunggunge umure Bapa Adam sangang atus telung puluh taun, banjur tinggal donya. |
| 6 |
| Nalika Set umur satus lima taun, duwe anak Enos. |
| 7 |
| Sawuse anak-anak Enos mau, Set isih diganjar umur maneh wolung atus pitu taun, sarta duwe anak lanang lan wadon. |
| 8 |
| Dadi gunggunge umure Set sangang atus rolas tahun, banjur ngajal. |
| 9 |
| Nalika Enos umur sangang puluh taun, duwe anak Kenan. |
| 10 |
| Sawuse anak-anak Kenan, Enos isih diganjar umur maneh wolung atus limalas taun, sarta duwe anak lanang lan wadon. |
| 11 |
| Dadi gunggunge umure Enos sangang atus lima taun, banjur ngajal. |
| 12 |
| Nalika Kenan umur pitung puluh taun, duwe anak Mahalaleel. |
| 13 |
| Sawuse anak-anak Mahalaleel, Kenan isih diganjar umur maneh wolung atus patang puluh taun, sarta duwe anak lanang lan wadon. |
| 14 |
| Dadi gunggunge umure Kenan sangang atus sepuluh taun, banjur ngajal. |
| 15 |
| Nalika Mahalaleel umur sawidak lima taun, duwe anak Yared. |
| 16 |
| Sawuse anak-anak Yared, Mahalaleel isih ginanjar umur maneh wolung atus telung puluh taun sarta duwe anak lanang lan wadon. |
| 17 |
| Dadi gunggunge umure Mahalaleel wolung atus sangang puluh lima taun, banjur ngajal. |
| 18 |
| Nalika Yared umur satus sawidak loro taun, duwe anak Henokh. |
| 19 |
| Sawuse anak-anak Henokh, Yared isih diganjar umur maneh wolung atus taun, sarta duwe anak lanang lan wadon. |
| 20 |
| Dadi gunggunge umure Yared sangang atus sawidak loro taun, banjur ngajal. |
| 21 |
| Nalika Henokh umur sawidak lima taun, banjur duwe anak Metusalakh. |
| 22 |
| Henokh sawuse anak-anak Metusalakh mau, lakune tinunggil dening Gusti Allah, lan isih diparingi umur telung atus taun, sarta kaparingan anak lanang lan wadon. |
| 23 |
| Dadi gunggunge umure Henokh telung atus sawidak lima taun. |
| 24 |
| Henokh lakune tinunggil dening Gusti Allah, banjur ora ana, amarga wus kapulung dening Gusti Allah. |
| 25 |
| Nalika Metusalakh umur satus wolung puluh pitu taun, duwe anak Lamekh. |
| 26 |
| Sawuse anak-anak Lamekh, Metusalakh isih diganjar umur pitung atus wolung puluh loro taun, sarta duwe anak lanang lan wadon. |
| 27 |
| Dadi gunggunge umure Metusalakh sangang atus sawidak sanga taun, banjur ngajal. |
| 28 |
| Nalika Lamekh umur satus wolung puluh loro taun, duwe anak lanang, |
| 29 |
| iku dijenengake Nuh, celathune: “Bocah iki bakal aweh panglipur marang kita ing sajroning pagawean kita kang ngrekasa banget ana ing bumi kang wus kena ing ipat-ipate Sang Yehuwah iki.” |
| 30 |
| Sawuse anak-anak Nuh, Lamekh isih diganjar umur limang atus sangang puluh lima taun, sarta kaparingan anak lanang lan wadon. |
| 31 |
| Dadi gunggunge umure Lamekh pitung atus pitung puluh pitu taun, banjur ngajal. |
| 32 |
| Nalika Nuh umur limang atus taun, duwe anak Sem, Kham lan Yafet. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/genesis/005.mp3
50
5