×

Kitab Jawa Suriname

1 BABAD 27

1
Dadiné wong Israèl, iki para leluhuré kulawargané, para penggedéné suradadu 1000 lan suradadu 100, lan para pegawéné sing ngladèni marang ratu ing bab sakkèhé perkara sing gegandèngan karo para wong sing nandangi ing penggawéan lan sing lèrèn ing saben sasi-sasiné, ing njeruhné setaun. Saben sak golongan ana wong 27.000 wong.
2
Sing dadi para penggedéné golongan kaping pisan kanggo ing sasi kaping pisan ya kuwi Yasobam anaké Sabdièl lan golongané kuwi ana 27.000 wong.
3
Yosabam kuwi turunané Pèrès lan dadi komendané kabèh penggedéné ing sasi kaping pisan.
4
Sing dadi para penggedéné golongan ing sasi kaping pindo ya kuwi Dodai, wong Ahohi, nanging sing mimpin golongané wongé ana 24.000 wong kuwi, ya kuwi Miklot.
5
Penggedéné sing kaping telu ing sasi sing kaping telu kuwi Benaya, anaké imam gedé Yoyada, golongané kuwi ana 24.000 wong.
6
Benaya iki klebu penggedé telung puluh kuwi, lan dadi komendané wong telung puluh kuwi nanging sing mimpin golongané ya kuwi Amisabad, anaké.
7
Sing kaping papat kanggo ing sasi sing kaping papat ya kuwi Asaèl, seduluré Yoab, ing sak terusé kuwi digentèni Sebaja, anaké, nanging golongané mau ana 24.000 wong.
8
Sing kaping lima kanggo ing sasi kaping lima ya kuwi Samhut anaké Yirah, kuwi sakwijiné penggedéné, nanging golongané ana 24.000 wong.
9
Sing kaping enem kanggo ing sasi kaping enem ya kuwi Ira anaké Ikesy sangka Tékoa, nanging golongané ana 24.000 wong.
10
Sing kaping pitu kanggo ing sasi kaping pitu ya kuwi Heles wong Peloni, sangka turunané Efraim, golongané ana 24.000 wong.
11
Sing kaping wolu kanggo ing sasi kaping wolu ya kuwi Sibekai, wong Husa, turunané Serah, golongané ana 24.000 wong.
12
Sing kaping sanga kanggo sasi kaping sanga ya kuwi Abièser, wong Anatot, tunggalé turunané Bényamin, golongané ana 24.000 wong.
13
Sing kaping sepuluh kanggo sasi kaping sepuluh ya kuwi Maharai, wong Nepota, kuwi turunané Serah, golongané ana 24.000 wong.
14
Sing kaping sewelas kanggo ing sasi nomer sewelas ya kuwi Benaya, wong Piraton, tunggalé turunané Efraim, golongané ana 24.000 wong.
15
Sing kaping rolas kanggo ing sasi rolas ya kuwi Hèldai, wong Netofa, turunané Otnièl, golongané ana 24.000 wong.
16
Sing dadi penggedéné taler-taleré Israèl ya kuwi: turunané Rubèn dipimpin karo Elièser anaké Sikhri; turunané Siméon pimpinané Sefatya anaké Maaka;
17
kanggo taleré Lèwi Hasabia anaké Kemuèl; kanggo tyedak turunané imam Harun ya kuwi imam Sadok;
18
kanggo taleré Yéhuda ya kuwi Elihu, salah sijiné seduluré Daved; taleré Isakar dipimpin karo Omri anaké Mikaèl;
19
kanggo taleré Sébulon ya kuwi Yismaya anaké Obaja; kanggo taleré Naftali ya kuwi Yerimot anaké Asriel;
20
kanggo turunané Efraim ya kuwi Hoséa anaké Asasya; kanggo separoné taleré Manasé ya kuwi Yoèl anaké Pedaya;
21
kanggo separo taleré Manasé ing Giléad ya kuwi Yido anaké Sakaria; kanggo taleré Bényamin ya kuwi Yaasiel anaké Abnèr;
22
kanggo taleré Dan ya kuwi Asareel anaké Yéroham. Kuwi para penggedéné taler-taleré Israèl.
23
Daved ora ngitung tyatyahé wong sing umuré rong puluh taun mengisor, awit GUSTI wis janji, wong Israèl bakal didadèkké pada tyatyahé karo lintang-lintang ing langit.
24
Yoab, anaké Seruya, pantyèn wis wiwit ngitung nanging ora dirampungké, awit sangka kuwi wong Israèl terus katekan ing memala; mulané tyatyahé ora dingertèni ing kitab sejarahé Daved.
25
Sing ngrumati kanggo keperluané ratu ya kuwi Asmawèt anaké Adiel, nanging sing ngrumati kanggo kebutuhan ing sak njabané kuta, ing kuta-kuta, ing désa-désané lan ing sak njeruhné lumbung-lumbung ya kuwi Yonatan anaké Uzia.
26
Sing mimpin para tani sing kuwajipan ngolah lemah ya kuwi Esri anaké Kelub.
27
Sing dadi pemimpiné ing kebon-kebon anggur ya kuwi Simèi, wong Rama. Sing mimpin pametuné kebon anggur kanggo kebutuhan anggur ya kuwi Sabdi, wong Sipmi.
28
Sing dadi pemimpiné kebon wit saitun lan wit sikma ing Tanah legokan ya kuwi Baal-Hanan, wong Gederi; sing mimpin kebutuhan lenga saitun, Yoas.
29
Sing dadi pemimpiné tukang angon sapi sing pada diengon ing tanah Saron ya kuwi Sitrai, wong Saron, nanging sing mimpin tukang angon sapi ing legokan ya kuwi Safat anaké Adlai.
30
Sing dadi pemimpiné tukang ngrumat unta ya kuwi Obil, wong Ismaél; sing mimpin kimar wadon ya kuwi Yekdeya, wong Meranot.
31
Sing mimpin tukang ngrumat wedus ya kuwi Yasis, wong Hagri. Kuwi kabèh para abdi sing njaga marang banda duwèké Daved.
32
Yonatan, seduluré bapaké Daved, kuwi dadi juru rembukan, kuwi pinter lan juru kitab. Yehièl, anaké Hakmoni kuwi sing dadi tukang momong para anaké ratu.
33
Akitopèl kuwi juru rembuké ratu; Husai, wong Arki, kuwi kantyané ratu.
34
Ing sak terusé Akitopèl digentèni Yoyada anaké Benaya lan Abyatar. Lan sing dadi penggedéné suradadu ratu Yoab.
Javanese Bible KJS17
Tèks Surinaams Bijbelgenootschap 2018
:
Simpen Cathetan