Para putrane Rama Ruben, pambajenge Rama Israel. Iya panjenengane iku putra pambajeng, nanging sarehne nglanggar kasucening pasareane kang rama, mulane haking pambarepe banjur kaparingake marang tedhake Rama Yusuf, uga putrane Rama Israel sanadyan ora kacathet ana ing sarasilah dadi putra pambajeng.
iki peputra Beera kang banjur diangkut menyang ing pambuwangan dening Sang Prabu Tilgat-Pilneser, ratu ing Asyur; iku kang dadi panggedhening wong Ruben.
Lan ing sisih wetan wilayahe nganti tekan ing pinggire pasamunan, kang gumelar wiwit saka ing bengawan Efrat, amarga raja-kayane wus wuwuh akeh ana ing tanah Gilead.
Nalika jamane Sang Prabu Saul padha andon perang nglawan wong Hagri, bareng wong-wong iki wus padha tumiba ana ing tangane, banjur padha ngenggoni tarub-tarube wong-wong iku ana ing wilayah sawetane Gilead kabeh.
Iku padha manggon ana ing Gilead ing tanah Basan lan ing sakehing kutha wewengkone lan ing sakehe tanah pangonan ing Saron nganti tekan ing poncot-poncote.
Wong-wong mau padha dipengeti kabeh ana ing sarasilah ing jamane Sang Prabu Yotam, ratu ing Yehuda, lan ing jamane Sang Prabu Yerobeam, ratu ing Israel.
Panunggalane bani Ruben, wong Gad lan saparone suku Manasye ana patang puluh papat ewu pitung atus sewidak kang sembada ing perang, wong kang prigel, kang sikep tameng lan pedhang, sarta menthang gandhewa apadene kang lanteh ing perang.
Padha oleh pambiyantu anggone nglawan wong-wong mau, satemah wong Hagri dalah kabeh kang padha ngrewangi padha kaulungake marang ing tangane, amarga ing sajroning perang iku padha nyuwun tulung marang Gusti Allah. Panyuwune banjur dikabulake, awit padha kumandel marang Panjenengane.
Saparone suku Manasye manggon ing nagara kono wiwit saka ing tanah Basan nganti ing Baal-Hermon, Senir lan gunung Hermon. Cacah-jiwane banjur wus dadi akeh.
Iki para kepalaning kulawarga-kulawarga mau: Sang Hefer, Yisei, Eliel, Azriel, Yeremia, Hodawya lan Sang Yahdiel, para wong prawira kang gagah-prakosa, para wong kang misuwur, para kepalaning kulawarga-kulawargane.
Nanging bareng wong-wong mau padha ora setya marang Gusti Allahe para leluhure lan laku jina kanthi patrap ngeloni sakehe allahe bangsa-bangsa ing nagara kang wus kasirnakake dening Gusti Allah saka ing ngarepe,
Gusti Allahe Israel nuli nggigah panggalihe Sang Prabu Pul, yaiku Sang Prabu Tilgat-Pilneser, ratu ing Asyur, temah Sang Nata iki banjur mboyongi wong-wong mau, kaparakake marang ing pambuwangan, yaiku para wong Ruben, wong Gad lan separone suku Manasye. Iku padha diboyongi menyang ing Halal, Habor, Hara lan ing kali ing nagara Gozan. Mulane wong-wong mau padha ana ing kana nganti ing dina iki.