Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| Para putrane Rama Lewi yaiku Gerson, Kehat lan Merari. |
| 2 |
| Rama Kehat peputra Amram, Yizhar, Hebron lan Uziel. |
| 3 |
| Para putrane Rama Amram yaiku Rama Harun, Nabi Musa lan Ibu Miryam. Para putrane Rama Harun yaiku Nadab, Abihu, Eleazar lan Itamar. |
| 4 |
| Rama Eleazar peputra Pinehas; Rama Pinehas peputra Abisua, |
| 5 |
| Rama Abisua peputra Buki; Rama Buki peputra Uzi; |
| 6 |
| Rama Uzi peputra Zerahya; Rama Zerahya peputra Merayot; |
| 7 |
| Rama Merayot peputra Amarya; Rama Amarya peputra Ahitub; |
| 8 |
| Rama Ahitub peputra Zadhok; Rama Zadhok peputra Ahimaas; |
| 9 |
| Rama Ahimaas peputra Azarya; Rama Azarya peputra Yohanan; |
| 10 |
| Rama Yohanan peputra Azarya; iku kang dadi imam ana ing Padaleman Suci, yasane Sang Prabu Sulaeman ana ing Yerusalem. |
| 11 |
| Rama Azarya peputra Amarya; Rama Amarya peputra Ahitub; |
| 12 |
| Rama Ahitub peputra Zadhok; Rama Zadhok peputra Salum; |
| 13 |
| Rama Salum peputra Hilkia; Rama Hilkia peputra Azarya; |
| 14 |
| Rama Azarya peputra Seraya; Rama Seraya peputra Yozadak; |
| 15 |
| Rama Yozadak iki katut diboyong nalika Pangeran Yehuwah marengake wong Yehuda lan Yerusalem padha diangkat marang ing pambuwangan dening Sang Prabu Nebukadnezar. |
| 16 |
| Para putrane Rama Lewi yaiku Gerson, Kehat, lan Merari. |
| 17 |
| Iki asmane para putrane Rama Gerson: Libni lan Simei. |
| 18 |
| Para putrane Rama Kehat yaiku Amram, Yizhar, Hebron lan Uziel. |
| 19 |
| Para putrane Rama Merari yaiku Mahli lan Musi. Iki gotrah-gotrahe suku Lewi ing sajroning kulawangsa-kulawangsane: |
| 20 |
| kang saka Rama Gerson yaiku Libni, kang putra; dene iki peputra Yahat; iki peputra Zima; |
| 21 |
| iki peputra Yoah; iki peputra Ido; iki peputra Zerah; iki peputra Yeatrai. |
| 22 |
| Para putrane Rama Kehat yaiku: Aminadab; iki peputra Korakh; iki peputra Asir; |
| 23 |
| iki peputra Elkana; iki peputra Ebyasaf; iki peputra Asir; |
| 24 |
| iki peputra Tahat; iki peputra Uriel; iki peputra Uzia; iki peputra Saul. |
| 25 |
| Rama Elkana peputra Amasai lan Ahimot, |
| 26 |
| iki peputra Elkana; iki peputra Zofai; iki peputra Nahat; |
| 27 |
| iki peputra Eliab; iki peputra Yeroham; iki peputra Elkana. |
| 28 |
| Para putrane Rama Samuel yaiku Yoel, iki pambajenge, dene kang angka loro yaiku Abia. |
| 29 |
| Para turune Rama Merari yaiku Mahli: iki peputra Libni; iki peputra Simei; iki peputra Uza; |
| 30 |
| iki peputra Simea; iki peputra Hagia; iki peputra Asaya. |
| 31 |
| Iki para wong kang diparingi bubuhan dening Sang Prabu Dawud nuntun nyanyian ana ing padalemaning Sang Yehuwah sawuse pethi oleh papan pakendelan. |
| 32 |
| Anggone leladi dadi penyanyi ana ing ngarepe Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan, nganti Sang Prabu Suleman yasa padalemaning Sang Yehuwah ana ing Yerusalem. Anggone nglakoni kawajibane iku manut pranatane. |
| 33 |
| Iki wong-wong kang padha kaparingan bubuhan mau dalasan para anak-anake: saka bani Kehat yaiku Heman. iku penyanyi, anake Yoel bin Samuel |
| 34 |
| bin Elkana bin Yeroham bin Eliel bin Toah |
| 35 |
| bin Zuf bin Elkana bin Mahat bin Amasai |
| 36 |
| bin Elkana bin Yoel bin Azarya bin Zefanya |
| 37 |
| bin Tahat bin Asir bin Ebyasaf bin Korakh |
| 38 |
| bin Yizhar bin Kehat bin Lewi, putrane Rama Israel. |
| 39 |
| Kang nisihe ana ing tengene Asaf, sadulure tunggal suku, yaiku Asaf bin Berekhya bin Simea |
| 40 |
| bin Mikhael bin Baaseya bin Malkia |
| 41 |
| bin Etani bin Zerah bin Adaya |
| 42 |
| bin Etan bin Zima bin Simei |
| 43 |
| bin Yahat bin Gerson, putrane Rama Lewi. |
| 44 |
| Kang ana ing sisih kiwa panunggalane bani Merari, para sadulur tunggal suku, yaiku Etan bin Kisi bin Abdi bin Malukh |
| 45 |
| bin Hasabya bin Amazia bin Hilkia |
| 46 |
| bin Amzi bin Bani bin Semer |
| 47 |
| bin Mahli bin Musi bin Merari, putrane Rama Lewi. |
| 48 |
| Para sadulure tunggal suku, wong-wong Lewi liyane, padha dipasrahi sakehe pagawean ing Tarub Suci, padalemaning Allah. |
| 49 |
| Nanging Rama Harun lan para putrane kawajibane ngobong kurban ing misbyah kurban obaran lan ing misbyah pangobongan dupa, lan nindakake sakehing pagawean ing pasucen pinunjul sarta nganakake upacara-pirukun kanggo wong Israel, ngetrepi apa kang kadhawuhake dening Nabi Musa, abdining Allah iku. |
| 50 |
| Iki para putrane Rama Harun: Eleazar, putrane; iki peputra Pinehas; iki peputra Abisua; |
| 51 |
| iki peputra Buki; iki peputra Uzi; iki peputra Zerahya; |
| 52 |
| iki peputra Merayot; iki peputra Amarya; iki peputra Ahitub; |
| 53 |
| iki peputra Zadhok; iki peputra Ahimaas. |
| 54 |
| Iki papan padunungane manut papan-papaning pakemahane ana ing wilayahe: Tedhake Rama Harun, kang klebu gotrahe wong Kehat, iku ketiban undhi kang kawitan |
| 55 |
| iku padha diwenehi Hebron ing tanah Yehuda dalasan pangonan-pangonan ing saubenge, |
| 56 |
| nanging pategalane kutha kono sadesa-desane wus kapasrahake marang Rama Kaleb bin Yefune. |
| 57 |
| Tedhake Rama Harun padha diwenehi kutha pangungsen Hebron, lan Libna dalah pangonan-pangonane, sarta Yatir, banjur Estemoa dalah pangonan-pangonane; |
| 58 |
| Hilen dalah pangonan-pangonane, Debir dalah pangonan-pangonane, |
| 59 |
| Asan dalah pangonan-pangonane lan Bet-Semes dalah pangonan-pangonane; |
| 60 |
| lan saka suku Benyamin: Geba dalah pangonan-pangonane, Alemet dalah pangonan-pangonane tuwin Anatot dalah pangonan-pangonane. Kutha-kuthane kabeh ana telulas kang kabage-bage ana ing antarane para gotrahe. |
| 61 |
| Anadene saluwihe turune Rama Kehat mau, sawuse kaundhi, tampa kutha sapuluh saka gotrahe suku iku, yaiku saka suku Manasye, kang saparo iku. |
| 62 |
| Turune Rama Gerson manut gotrah-gotrahe diwenehi kutha telulas saka suku Isakhar, suku Asyer, suku Naftali lan saka suku manasye kang ana ing Basan. |
| 63 |
| Turune Rama Merari manut gotrah-gotrahe sawuse kaundhi diwenehi kutha rolas saka suku Ruben, saka suku Gad lan saka suku Zebulon. |
| 64 |
| Dadine wong Israel menehi marang wong lewi kutha-kutha mau dalah pangonan-pangonane. |
| 65 |
| Wong-wong iku uga menehi kalawan kaundhi kutha-kutha kang kapratelakake jeneng-jenenge mau, saka suku bani Yehuda, saka suku bani Simeon lan saka suku bani Benyamin. |
| 66 |
| Gotrah-gotrah liyane saka turune Rama Kehat, tampa kutha-kutha saka suku Efraim, minangka dhaerahe, |
| 67 |
| yaiku diwenehi kutha pangungsen Sikhem dalah pangonan-pangonane ing pagunungan Efraim, banjur Gezer lan pangonan-pangonane, |
| 68 |
| Yokmeam dalah pangonan-pangonane, |
| 69 |
| Ayalon dalah pangonan-pangonane lan Gat-Rimon dalah pangonan-pangonane. |
| 70 |
| Sarta saka suku Manasye kang saparone mau: Aner dalah pangonan-pangonane, lan Bileam dalah pangonan-pangonane. Dadi kutha-kutha mau diwenehake marang gotrah-gotrah saluwihe saka turune Rama Kehat. |
| 71 |
| Para turune Gerson tampa saka saparone suku Manasye: Golan kang ana ing Basan dalah pangonan-pangonane banjur Asytarot dalah pangonan-pangonane; |
| 72 |
| saka suku Isakhar: Kedesy dalah pangonan-pangonane: Daberat dalah pangonan-pangonane, |
| 73 |
| Ramot dalah pangonan-pangonane lan Anem dalah pangonan-pangonane; |
| 74 |
| saka suku Asyer: Masal dalah pangonan-pangonane, Abdon dalah pangonan-pangonane, |
| 75 |
| Hukok dalah pangonan-pangonane lan Rehob dalah pangonan-pangonane; |
| 76 |
| saka suku Naftali: Kedesy ing Galilea dalah pangonan-pangonane, Hamon dalah pangonan-pangonane lan Kiryataim dalah pangonan-pangonane. |
| 77 |
| Turune Rama Merari saluwihe tampa saka suku Zebulon: Rimono dalah pangonan-pangonane lan Tabor dalah pangonan-pangonane; |
| 78 |
| lan ana ing sabrange bengawan Yarden ing sacedhake Yerikho, ing sisih wetane bengawan Yarden, kang diwenehake saka suku Ruben: Bezer ing pasamunan dalah pangonan-pangonane, Yahas dalah pangonan-pangonane, |
| 79 |
| Kedemot dalah pangonan-pangonane lan Mefaat dalah pangonan-pangonane; |
| 80 |
| sarta saka suku Gad: Ramot ing Gilead dalah pangonan-pangonane, Mahanaim dalah pangonan-pangonane, |
| 81 |
| Hesybon dalah pangonan-pangonane tuwin Yaezer dalah pangonan-pangonane. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/1chronicles/006.mp3
29
6