Sawuse iku banjur damel “segaran” cithakan jembare saka pinggir tekan pinggir sepuluh asta, wangune bunder kepleng, jerone limang asta, kubenge manawa kaukur nganggo tali ana telung puluh asta.
Ing pinggire sisih ngisor ana gambare sapi-sapi ing sakubenge nganti kemput, saben saasta sapuluh, nganti sakempute “segaran” iku; sapine jejer loro, kacithak iras-irasan karo wadhahe.
“Segaran” mau kandele saepek-epek, dene lambene kawangun kaya lambening tuwung, kayadene kembang bakung kang mekar. “Segaran” iku bisa isi banyu telung ewu bat.
Sarta maneh banjur damel jembangan sepuluh, kang lima diprenahake ing sisih tengen lan kang lima ing sisih kiwa, iku kanggo ngengumbah; apa kang kanggo kurban obaran iku dikumbah ana ing kono, dene “segaran” mau kanggo para imam kagawe sesuci.
Sabanjure yasa meja sepuluh kang kaprenahake ing Padaleman Suci, lima ing sisih tengen lan lima ing sisih kiwa; nuli uga damel bokor panyiraman emas satus.
Huram iya gawe kwali, susuk tuwin bokor-bokor panyiraman. Mangkono Huram anggone ngrampungake pagawean kang kudu katindakake awit saka dhawuhe Sang Prabu Suleman kanggo padalemaning Allah,
apadene tetironing dlima patang atus kanggo namnaman loro mau, dlima rong larik kanggo siji-sijining nam-naman kang kagawe ngrodhongi krebil mblendhuk loro kang ana ing dhuwure tugu mau.
Kwali-kwali, susuk-susuk, porok-porok lan sakehe piranti liyane kang digawe dening Huram-Abi awit saka dhawuhe Sang Prabu Suleman kanggo padalemaning Yehuwah iku bakale tembaga sanglingan.
lading-ladinge, bokor-bokore panyiraman, piring-piringe lan padupan-padupane kang digawe emas murni; uga lawange kang anjog ing padaleman iku lan lawang-lawang kang ana ing sisih njero kang anjog ing pasucen pinunjul, lan lawang-lawang kang anjog ing dalem gedhe ing Padaleman Suci, iku kabeh kang digawe emas murni.