Kawajiban ngawat-awati Yerusalem dakpasrahake marang sadulurku Hanani lan Hananya, panggedhening beteng, amarga Hananya iku wong kang kena dipracaya lan wedi marang Gusti Allah ngungkuli wong-wong liyane.
Aku banjur kandha marang wong-wong iku: “Gapura-gapura Yerusalem aja nganti diwengakake sadurunge srengenge panas sumelet, lan lawang-lawange kudu diinebake sarta padha kaslarakna ing sajrone wong isih padha nyambutgawe ana ing panggonane. Apadene padha mataha wong jaga panunggalane wong ing Yerusalem, siji-sijine anaa ing papan pajagan lan ing ngareping omahe.”
Gusti Allahku tumuli ngosikake atiku supaya aku nglumpukake para pemimpin lan para panggedhe kang padha nyekel pangwasa lan rakyat, supaya padha kacathetana ing sarasilah. Aku banjur nemu layang sarasilahe wong kang wus luwih dhisik anggone mulih. Ing sajroning cathetan iku tinemu pratelan kaya ing ngisor iki:
Iki pratelane ing propinsi Yehuda kang padha mangkat mulih saka ing pambuwangan, yaiku para tawanan kang biyen padha diangkatake dening Sang Prabu Nebukadnezar ratu ing tanah Babil, nuli padha bali mulih menyang ing Yerusalem lan ing Yehuda, sawiji-wijine menyang ing kuthane dhewe-dhewe.
Tekane iku padha kairid dening Sang Zerubabel, Yesua, Nehemya, Azarya, Raamya, Nahamani, Mordekhai, Bilsan, Misperet, Bigwai, Nehum lan Baana. Iki pratelane bab wong-wong bangsa Israel:
Iki wong kang padha mangkat mulih saka ing Tel-Malah, Tel-Harsa, Kerub, Adon lan ing Imer, nanging padha ora bisa nerangake kulawangsane lan asal-usule, apa iya klebu bangsa Israel:
lan saka ing panunggalane para imam: bani Habaya, bani Hakos, bani Barzilai. Barzilai iku kang ngrabeni panunggalane anake Barzilai, wong Gilead, banjur karan jenenge kulawarga iku.
Lan tumrap wong-wong iku ditetepake dening kepala dhaerah, manawa ora kena mangan sesengkeran kang pinunjul, nganti ana imam kang tumindak kanthi ngasta Urim lan Tumim.
iku kajaba abdine lanang lan wadon, kang cacahe ana pitung ewu telung atus telung puluh pitu. Ing antarane ana pasindhene lanang lan wadon rong atus patang puluh lima.
Panunggalane para panggedhene kulawangsa iku padha nguruni kanggo wragading pagawean, dene kepala dhaerah anggone asok kanggo pasadhiyan waragad rupa mas sewu dirham, bokor panyiraman seket iji lan klambi rangkepan pangagemaning imam limang atus telung puluh.
Anadene kang disumbangake dening wong liyane rupa mas rong puluh ewu dirham, salaka rong ewu mina, lan klambi rangkepan pangagemaning imam sawidak pitu.
Anadene para imam, para wong bani Lewi sarta para jaga-gapura apadene pasindhen, tuwin uga saperangane rakyat, para abdi ing padalemane Gusti Allah tuwin para wong Israel liyane kabeh padha manggon ana ing kuthane dhewe-dhewe.