Kitab Jawa Suriname
|
| 1 |
| “Lah kuwi kabèh wis tak deleng karo mripatku, tak rungokké karo kupingku lan tak mengertèni. |
| 2 |
| Apa sing pada kok ngerti, aku ya ngerti, aku ora kalah karo kowé. |
| 3 |
| Nanging aku arep ngomong marang sing Mahakwasa, aku kepéngin mbélani perkaraku ing ngarepé Gusti Allah. |
| 4 |
| Nanging kowé kabèh kuwi wong sing pada nutupi gorohmu, lan pada dadi dukun sing palsu. |
| 5 |
| Yèn kowé pada meneng babar pisan, kuwi malah dadi kawityaksananmu. |
| 6 |
| Rungokna ta semaurku lan gatèkna jawabané lambéku! |
| 7 |
| Apa kowé gelem goroh kanggo Gusti Allah, apa kowé gelem ngapusi kanggo Panjenengané? |
| 8 |
| Apa kowé gelem mbélani Gusti Allah lan bantahan kanggo mbélani Panjenengané? |
| 9 |
| Apa apik, yèn Panjenengané sing mriksa marang kowé? Apa kowé bisa ngapusi Panjenengané kaya ngapusi wong? |
| 10 |
| Kowé bakal pada diukum abot yèn kowé mbélani karo meneng-meneng. |
| 11 |
| Apa kamulyané Gusti Allah kuwi ora bakal ngagètké kowé, lan apa kowé ora bakal ketiban rasa wedi? |
| 12 |
| Pepéling-pepélingmu kuwi wulang bebasan lebu lan tamèngmu kuwi tamèng lempung. |
| 13 |
| Pada menenga! Aku arep ngomong, senajan apa waé sing bakal ditibakké marang aku, tak sanggané! |
| 14 |
| Dagingku arep tak jupuk karo untuku, lan nyawaku arep tak sangga karo tanganku. |
| 15 |
| Delengen, Panjenengané arep matèni aku, aku wis ora nduwé pengarep-arep, nanging aku arep mbélani ing bab mlakuku ing ngarepan-Né. |
| 16 |
| Panjenengané bakal dadi keslametanku, nanging wong lamis ora kena ngadep ing ngarepé. |
| 17 |
| Rungokna sing tenanan tembung-tembungku, lan gatèkna tegesé! |
| 18 |
| Ngertia, aku wis nyawiské perkaraku, aku yakin, yèn aku bener. |
| 19 |
| Sapa sing kuwat padu karo aku, ya wis, aku tak meneng waé terus tak mati. |
| 20 |
| Mung rong perkara supaya aja Panjenengan nindakké marang aku, dadi aku ora bakal ndelik sangka ngarepé Panjenengan, |
| 21 |
| ya kuwi: Tangan-Né supaya disingkirké sing adoh sangka kula, lan uga rasa gemeter marang Panjenengan aja ditibakké marang kula, |
| 22 |
| terus Panjenengan supaya nyeluk kula, kula ya bakal nyauri; utawa kula sing ngomong lan Panjenengan sing nyauri. |
| 23 |
| Sak pira ta gedéné kesalahan lan dosa kula? Kula supaya Panjenengan nduduhké marang panerak lan dosa kula. |
| 24 |
| Apa sebabé Panjenengan nganti ndelikké praupan Panjenengan lan kula Panjenengan anggep mungsuh? |
| 25 |
| Godong kabur kanginan kok Panjenengan nggawé gemeter; damèn garing kok Panjenengan uber-uber! |
| 26 |
| Awit kula Panjenengan tibani sing pait getir, kesalahan waktu nom-noman kula kuwi Panjenengan tibakké marang kula, |
| 27 |
| taleré kula Panjenengan ranté, lan sak mlaku kula Panjenengan ulat-uletké, tlapakané kula Panjenengan pasangi palangan, |
| 28 |
| nanging kuwi kanggo wong sing wis ringkih kaya kayu gapuk, kaya mori sing dipangan karo rayap.” |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/job/013.mp3
42
13