|
| 1 |
|
| Semangatku wis semplak, umurku wis tekan pungkasané, lan aku wis dityepaki kuburan. |
|
| 2 |
|
| Tenan aku iki dadi guyonan, mripatku kepeksa weruh tangan-tangané. |
|
| 3 |
|
| Supaya Panjenengan gelem dadi jaminan kula ing ngarepé Panjenengan piyambak. Yèn ora mengkono sapa menèh sing bisa nyetujoni kanggo kula? |
|
| 4 |
|
| Awit atiné wis pada Panjenengan dadèkké buntet. Mila Panjenengan ora ngekèki kemenangan. |
|
| 5 |
|
| Sapa sing ndakwa kantya-kantyané supaya olèh untungé, mripaté anak-anaké bakal dadi lamur. |
|
| 6 |
|
| Aku wis didadèkké tembungan ing sak tengahé para bangsa, lan dadi wong sing diidoni rainé. |
|
| 7 |
|
| Mripatku dadi lamur awit sangka susah, kabèh pérangané awakku dadi kaya ayang-ayang. |
|
| 8 |
|
| Para wong sing jujur pada nggumun awit sangka sing mengkono kuwi, lan wong sing ora salah dadi nesu marang wong duraka. |
|
| 9 |
|
| Senajan mengkono wong bener tetep mlaku ing dalané, lan wong sing resik tangané mundak kuwat. |
|
| 10 |
|
| Nanging kowé kabèh, kana pada balia! Aku ora bakal nemoni wong wityaksana ing tengahmu. |
|
| 11 |
|
| Umurku wis kliwat, wis gagal rantyamanku, sing dadi kepinginanku. |
|
| 12 |
|
| Mbengi bakal pada didadèkké awan: padang bakal gelis njedul sangka peteng, mengkono omongané. |
|
| 13 |
|
| Yèn aku ngarepké ndonyané wong mati dadi omahku, nyawiské peturonku ing pepeteng, |
|
| 14 |
|
| lan ngomong marang lawang kuburan: Kowé kuwi bapaku, lan marang sèt: Ibuku lan sedulurku wadon, |
|
| 15 |
|
| terus apa pengarep-arepku? Sapa sing weruh yèn aku nduwé pengarep-arep? |
|
| 16 |
|
| Kuwi bakal pada mudun menyang dasaré ndonyané wong mati, yèn aku pada bebarengan mudun menyang sak njeruhné lemah.” |
|
|
: |
| 1 | | 2 | | 3 | | 4 | | 5 | | 6 | | 7 | | 8 | | 9 | | 10 | | 11 | | 12 | | 13 | | 14 | | 15 | | 16 | 1
1
1 |
|
|---|
|
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/job/017.mp3
42
17