|
| 1 |
|
| Elifas, wong Teman banjur mangsuli, pangucape: |
|
| 2 |
|
| “Manungsa iku apa maedahi tumrap Gusti Allah? Ora, wong kang nduweni akal-budi iku mung migunani tumrap awake dhewe. |
|
| 3 |
|
| Manawa kowe bener apa ana paedahe tumrap Kang Mahakuwasa, utawa manawa uripmu iku utama, apa Panjenengane angsal kauntungan? |
|
| 4 |
|
| Apa marga saka pangabektimu anggonmu kasiksa lan kaparakake marang ing pangadilan dening Panjenengane? |
|
| 5 |
|
| Rak marga saka gedhening pialamu lan tanpa wilangan kaluputanmu? |
|
| 6 |
|
| Awit kalawan sawenang-wenang anggonmu nampani gadhen saka sadulur-sadulurmu, lan ngrampas sandhangane para wong miskin. |
|
| 7 |
|
| Wong kang ngelak ora kokwenehi ngombe, wong kang keluwen ora kokwenehi mangan, |
|
| 8 |
|
| nanging wong kang santosa iku kang nduweni bumi, lan wong kang luhur-luhur iku kang ngenggoni. |
|
| 9 |
|
| Randha-randha padha koktundhung nglenthung lan baune bocah-bocah lola padha kokremuk. |
|
| 10 |
|
| Mulane kowe kinalang-kalang ing kala, tuwin dadakan tinempuh ing pagiris. |
|
| 11 |
|
| Padhangmu dadi peteng satemah kowe ora bisa ndeleng, lan banjur kleleb ing banjir. |
|
| 12 |
|
| Gusti Allah rak lenggah ing langit kang dhuwur? Delengen ta lintang-lintang kang dhuwur dhewe, iba-iba dhuwure! |
|
| 13 |
|
| Nanging ujarmu: Gusti Allah mirsa apa? Apa Panjenengane saged ngadili saka ing sadhuwure mega-mega kang peteng? |
|
| 14 |
|
| Panjenengane kalimputan ing mega satemah ora bisa mirsani; Panjenengane ameng-ameng ing cakrawala. |
|
| 15 |
|
| Apa kowe arep tetep lumaku ing dalan kang lawas, kang diambah dening para wong ala, |
|
| 16 |
|
| kang wus padha sinendhal sadurunge mangsa, kang bumine larud kebanjiran, |
|
| 17 |
|
| kang padha duwe ujar marang Gusti Allah: Sumingkira saka ing aku, Kang Mahakuwasa bisa ngapakake aku? |
|
| 18 |
|
| Ewasamono iya Panjenengane iku kang ngebaki omahe kalawan samubarang kang becik -- nanging rancangane wong duraka iku adoh saka ing aku. |
|
| 19 |
|
| Para wong mursid padha ndeleng lan padha bungah; sarta wong kang tanpa kaluputan padha moyoki, calathune: |
|
| 20 |
|
| Sanyata, satruku wus tumpes, lan apa kang katinggal wus entek kamangsa ing geni. |
|
| 21 |
|
| Dirukun kalawan Gusti Allah supaya kowe tentrem; sarana mangkono kowe bakal oleh kabegjan. |
|
| 22 |
|
| Tampanana piwulanging lesane, tuwin pangandikane simpenen ing sajroning atimu. |
|
| 23 |
|
| Manawa kowe mratobat marang Kang Mahakuwasa lan ngesorake dhiri; manawa kowe ngedohake piala saka ing tarubmu, |
|
| 24 |
|
| mbuwang wiji emas ing lebu emas Ofir ing satengahing watu-watu ing kali, |
|
| 25 |
|
| tuwin manawa Kang Mahakuwasa iku dadi tumpukanmu emas lan salakamu kang endah, |
|
| 26 |
|
| ing kono kowe mesthi ngrasakake kasenengan marga Kang Mahakuwasa tuwin bakal tumenga marang Gusti Allah. |
|
| 27 |
|
| Manawa kowe ndedonga marang Panjenengane, mesthi disembadani, sarta kowe bakal ngluwari ujarmu. |
|
| 28 |
|
| Manawa kowe mutus arep nindakake sawijining bab, mesthi bakal kelakon kekarepanmu lan dalan-dalanmu bakal kasunaran ing cahyaning pepadhang. |
|
| 29 |
|
| Amarga Gusti Allah iku ngesorake wong kang angkuh nanging ngganjar karahayon marang wong kang tumungkul. |
|
| 30 |
|
| Wong kang ora kaluputan bakal dipitulungi, mangkono uga anggonmu kapitulungan iku marga saka resiking tanganmu.” |
|
|
: |
| 1 | | 2 | | 3 | | 4 | | 5 | | 6 | | 7 | | 8 | | 9 | | 10 | | 11 | | 12 | | 13 | | 14 | | 15 | | 16 | | 17 | | 18 | | 19 | | 20 | | 21 | | 22 | | 23 | | 24 | | 25 | | 26 | | 27 | | 28 | | 29 | | 30 | 1
1
1 |
|
|---|
|
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/job/022.mp3
42
22