|
| 1 |
|
| Elifas, wong Téman terus nyauri, tembungé: |
|
| 2 |
|
| “Manungsa kuwi apa maédahi kanggo Gusti Allah? Ora, wong sing nduwèni kepinteran kuwi mung migunani kanggo awaké déwé. |
|
| 3 |
|
| Yèn kowé bener apa ana paédahé kanggo sing Mahakwasa, utawa yèn uripmu kuwi apik, apa Panjenengané olèh untungé? |
|
| 4 |
|
| Apa awit sangka pangabektimu enggonmu kesiksa lan dilungakké pengadilan karo Panjenengané? |
|
| 5 |
|
| Apa ora awit sangka gedéné penggawé alamu lan tanpa itungan kesalahanmu? |
|
| 6 |
|
| Awit karo sak wenang-wenang enggonmu nampani gadèn sangka sedulur-sedulurmu, lan ngrampas sandangané para wong mlarat. |
|
| 7 |
|
| Wong sing ngelak ora kok wènèhi ngombé, wong sing kaliren ora kok wènèhi mangan, |
|
| 8 |
|
| nanging wong sing kuwat kuwi sing nduwèni bumi, lan wong sing luhur-luhur kuwi sing ngenggoni. |
|
| 9 |
|
| Randa-randa pada kok tundungi nglentung lan tangané botyah-botyah lola pada kok remuk. |
|
| 10 |
|
| Mulané kowé dikala-kala ing kiwa-tengenmu, lan dadakan kena karo rasa wedi. |
|
| 11 |
|
| Padangmu dadi peteng terus kowé ora bisa weruh, lan terus keleb ing banjir. |
|
| 12 |
|
| Gusti Allah apa ora njagong ing langit sing duwur? Delengen ta lintang-lintang sing duwur déwé, ora ana sing ngungkuli duwuré! |
|
| 13 |
|
| Nanging tembungmu: Gusti Allah ngerti apa? Apa Panjenengané bisa ngadili sangka sak nduwuré mendung-mendung sing peteng? |
|
| 14 |
|
| Panjenengané ketutupan karo mendung nganti ora bisa weruh; Panjenengané mlaku-mlaku ing sak dawané langit. |
|
| 15 |
|
| Apa kowé arep tetep mlaku ing dalan sing lawas, sing dilakoni karo para wong ala, |
|
| 16 |
|
| sing wis pada disendal sak durungé waktuné, sing lemahé katut kebanjiran, |
|
| 17 |
|
| sing pada nduwé tembung marang Gusti Allah: Minggira sangka aku, Sing Mahakwasa bisa ngapakké aku? |
|
| 18 |
|
| Senajan mengkono ya Panjenengané kuwi sing ngebaki omahé karo samubarang sing apik - nanging rantyamané wong duraka kuwi adoh sangka aku. |
|
| 19 |
|
| Para wong bener pada weruh lan pada bungah; lan wong sing tanpa kesalahan pada moyoki, tembungé: |
|
| 20 |
|
| Tenan, mungsuhku wis entèk, lan apa sing kok tinggal wis entèk dipangan karo geni. |
|
| 21 |
|
| Rukuna marang Gusti Allah supaya kowé tentrem; karo mengkono kowé bakal olèh kabekjan. |
|
| 22 |
|
| Tampanana piwulangé tutuké, lan tembungé simpenen ing sak njeruhné atimu. |
|
| 23 |
|
| Yèn kowé mratobat marang sing Mahakwasa lan ngasorké urip; yèn kowé ngedohké sing ala sangka tarupmu, |
|
| 24 |
|
| mbuwang wiji emas ing lebu emas Ofir ing sak tengahé watu-watu ing kali, |
|
| 25 |
|
| lan yèn sing Mahakwasa kuwi dadi tumpukanmu emas lan slakamu sing apik, |
|
| 26 |
|
| ing kono kowé mesti ngrasakaké kesenengan awit sing Mahakwasa lan bakal ndangak marang Gusti Allah. |
|
| 27 |
|
| Yèn kowé ndedonga marang Panjenengané, mesti dituruti, lan kowé bakal mbayar tembung-janjimu. |
|
| 28 |
|
| Yèn kowé mutusi arep nindakké sakwijiné bab, mesti bakal kelakon kekarepanmu lan dalan-dalanmu bakal keslorotan karo padangé pepadang. |
|
| 29 |
|
| Awit Gusti Allah kuwi ngasorké wong sing sombong nanging ngganjar keslametan marang wong sing ndingklukké sirahé. |
|
| 30 |
|
| Wong sing ora kesalahan bakal dipitulungi, mengkono uga enggonmu olèh pitulungan kuwi awit sangka resiké tanganmu.” |
|
|
: |
| 1 | | 2 | | 3 | | 4 | | 5 | | 6 | | 7 | | 8 | | 9 | | 10 | | 11 | | 12 | | 13 | | 14 | | 15 | | 16 | | 17 | | 18 | | 19 | | 20 | | 21 | | 22 | | 23 | | 24 | | 25 | | 26 | | 27 | | 28 | | 29 | | 30 | 1
1
1 |
|
|---|
|
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/job/022.mp3
42
22