Kitab Jawa Suriname
|
| 1 |
| Nanging Ayub nyauri, tembungé: |
| 2 |
| “Saiki sambatku dadi pambruntakan, tangané menet aku, terus aku sambat. |
| 3 |
| Ah, supaya aku bisa weruh kepriyé enggonku ketemu karo Panjenengané, lan dililani nemoni ing omahé. |
| 4 |
| Aku terus bakal njlèntrèhké perkaraku ing ngarepé, lan tutukku bakal tak kebaki tembung jawaban. |
| 5 |
| Aku mesti bakal weruh tembung-balesan sing dikèkké marang aku, lan aku bakal ngerti, apa sing diomongké marang aku. |
| 6 |
| Apa Panjenengané sing Mahakwasa kuwi gelem nganakké perkara karo aku? Ora, Panjenengané mesti bakal weruh aku. |
| 7 |
| Wong sing jujur kuwi sing bakal nglawan padu ing ngarepé, lan aku mesti bakal utyul sak lawas-lawasé sangka rèkterku. |
| 8 |
| Yèn aku mlaku mengétan, Panjenengané ora ing kana, utawa mengulon, aku ora nemoni Panjenengané. |
| 9 |
| Tak golèki ngalor, Panjenengané ora kétok; gentèn ngidul, aku ora weruh Panjenengané. |
| 10 |
| Dasaré Panjenengané weruh mlakuné uripku; yèn aku diuji, kaya emas enggonku metu. |
| 11 |
| Sikilku tetep ngetutké mlakuné, aku mlaku ing dalané lan ora bakal nyimpang. |
| 12 |
| Préntah sing lair sangka ilaté ora tak terak; préntahé tutuké tak simpen ing sak njeruhné atiku. |
| 13 |
| Nanging Panjenengané ora tau malih - Sapa sing bisa ngalang-alangi Panjenengané? Apa sing dikarepké, ya terus ditindakké. |
| 14 |
| Awit Panjenengané bakal ngrampungké apa sing wis ditetepaké kanggo aku, lan ijik okèh bab liyané sing kaya mengkono sing dikarepké. |
| 15 |
| Mulané atiku gemeter ing ngarepé, yèn kuwi kabèh tak pikir, aku terus wedi banget marang Panjenengané. |
| 16 |
| Gusti Allah wis nggawé aku semplak sing Mahakwasa wis nggawé atiku gemeter, |
| 17 |
| awit aku entèk ora awit sangka pepeteng, lan uga ora awit sangka praupanku ketutupan karo peteng ndedet.” |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/job/023.mp3
42
23