|
| 1 |
|
| Sawuse mangkono Ayub banjur calathu, nyupatani dina kalahirane; |
|
| 2 |
|
| pangucape mangkene: |
|
| 3 |
|
| “Sirnaa dina kalahiranku, mangkonoa uga wengi kang muni: Wus dadi wetengan lanang. |
|
| 4 |
|
| Dina iku dadia peteng, aja digalih dening Gusti Allah kang ana ing luhur, aja kasorotan ing pepadhang pisan. |
|
| 5 |
|
| Muga kalimputana ing pepeteng, lan palimenganing pati, kasasabana ing mendhung, kinagetna ing grahana srengenge. |
|
| 6 |
|
| Wengi iku -- rinayuda ing peteng ndhedhet; aja nganti abungah-bungah, ing dina-dina sajroning setahun, aja kaetung awor cacahing sasi-sasi. |
|
| 7 |
|
| Lah wengi iku lestaria gabug, lan aja karungu swaraning kabungahan. |
|
| 8 |
|
| Kasupatanana dening para kang ngipat-ipati dina, kang pinter nangekake kanepsone Lewiatan. |
|
| 9 |
|
| Lintang-lintang esuk padha lestaria peteng; tanpa gawe anggone ngenteni tekane pepadhang, aja nganti nyumurupi katone bangbang wetan, |
|
| 10 |
|
| awit ora mbuntoni lawange guwa-garbaning ibuku, sarta ora ngaling-alingi kasusahan ana ing ngarepe mripatku. |
|
| 11 |
|
| Yagene aku ora mati nalika lair, lan ora pecat nyawaku nalika metu saka ing guwa-garba? |
|
| 12 |
|
| Yagene ana dhengkul kang nadhahi awakku; lan ana susu kang nusoni aku? |
|
| 13 |
|
| Saupama ora mangkono, aku rak bisa leyeh-leyeh kalawan tentrem; bisa turu lan ngaso |
|
| 14 |
|
| awor karo raja lan para nayaka ing jagad, kang wus padha mbangun gegempurane, |
|
| 15 |
|
| sarta awor para panggedhe kang duwe emas, lan omahe dikebaki salaka, |
|
| 16 |
|
| utawa yagene aku ora kaya bayi keluron kang kadhelikake, kaya bayi kang ora nganti ndeleng pepadhang? |
|
| 17 |
|
| Ana ing kono para wong dursila mari anggone gawe rerubed, sarta para wong kang nglentroh padha aso. |
|
| 18 |
|
| Ana ing kono para wong tawanan padha oleh katentreman, wus ora krungu swarane kang ngereh. |
|
| 19 |
|
| Wong cilik lan wong gedhe kaanggep padha ana ing kono, tuwin batur wus luwar saka lurahe. |
|
| 20 |
|
| Yagene wong papa diparingi pepadhang, lan kang prihatin kaparingan urip? |
|
| 21 |
|
| Kang banget kapengine mati, nanging ora mati-mati, kang anggone ngupaya ngluwihi wong kang ndhudhuk raja-brana kang kapendhem; |
|
| 22 |
|
| samangsa mrangguli kubure, bungahe luwih banget nganti surak-surak; |
|
| 23 |
|
| wong lanang kang dalane kaling-kalingan, kang rinupek dening Gusti Allah. |
|
| 24 |
|
| Awit pangesahku wus kaya dadi rejekiku, sarta panggluruhku ingesok prasasat banyu. |
|
| 25 |
|
| Dhasar apa kang daksumelangake, banjur tumama uga, lan apa kang dakwedeni, iya banjur nempuh. |
|
| 26 |
|
| Aku ora bisa ayem lan ora oleh aso utawa tentrem, mung karubedan kang nekani aku.” |
|
|
|
|