|
| 1 |
|
| Sakwisé mengkono Ayub terus ngomong, nyepatani dina kalairané; |
|
| 2 |
|
| tembungé mengkéné: |
|
| 3 |
|
| “Tumpesa dina kalairanku, mengkono uga wengi sing muni: Wis dadi anak lanang ing wetengku. |
|
| 4 |
|
| Dina kuwi dadia peteng, aja dipikir karo Gusti Allah ing nduwur, aja keslorotan pepadang. |
|
| 5 |
|
| Supaya dikebaki karo pepeteng lan ditutup petengé pati, kebuntel karo mendung, dikagètké karo grahanané srengéngé. |
|
| 6 |
|
| Wengi kuwi - ketutup karo peteng ndedet; aja nganti bungah-bungah, ing dina sak njeruhné setaun, aja diitung tyampur karo tyatyahé sasi-sasi. |
|
| 7 |
|
| Lan wengi kuwi tetepa ora ana sing nglairké, lan aja dirungokké swarané kabungahan. |
|
| 8 |
|
| Disumpetana karo para wong sing nyepatani dina, karo wong sing pinter nangèkké nesuné Léwiatan. |
|
| 9 |
|
| Lintang-lintang ésuk pada tetep peteng; tanpa gawé enggoné ngentèni tekané pepadang, aja nganti weruh kétoké ésuk wétan, |
|
| 10 |
|
| awit ora nutupi lawangé wetengé ibuku, lan ora ngaling-alingi kasusahan ing ngarepé mripatku. |
|
| 11 |
|
| Kenèng apa aku ora mati waktu lair, lan ora pedot nyawaku waktu metu sangka wetengé? |
|
| 12 |
|
| Kenèng apa ana dengkul sing mangku awakku; lan ana susu sing nusoni aku? |
|
| 13 |
|
| Yèn ora mengkono, aku apa ora bisa lèyèh-lèyèh karo tentrem; bisa turu lan ngasuh |
|
| 14 |
|
| tyampur karo ratu lan para imam ing ndonya, sing wis pada mbangun gempuran kanggo piyambaké, |
|
| 15 |
|
| lan tyampur karo para penggedéné sing nduwé emas, lan omahé dikebaki slaka, |
|
| 16 |
|
| utawa kenèng apa aku ora kaya bayi kluron sing didelikké, kaya bayi sing ora nganti weruh pepadang? |
|
| 17 |
|
| Ing kono para wong dursila mandek enggoné nggawé ala, lan para wong sing kentèkan tenaga pada lèrèn. |
|
| 18 |
|
| Ing kono para wong tawanan pada olèh katentreman, wis ora krungu swarané sing ngwasani. |
|
| 19 |
|
| Wong tyilik lan wong gedé dianggep pada ing kono, lan batur wis luwar sangka bendarané. |
|
| 20 |
|
| Kenèng apa wong ringkih dikèki pepadang, lan sing kasusahan dikèki urip? |
|
| 21 |
|
| Sing banget kepéngin mati, nanging ora mati-mati, sing enggoné nggolèki ngungkuli wong sing ngeduk banda sing kependem; |
|
| 22 |
|
| yèn nemoni kuburané, bungahé luwih banget nganti surak-surak; |
|
| 23 |
|
| wong lanang sing dalané kaling-kalingan, ditutupi karo Gusti Allah. |
|
| 24 |
|
| Awit nggresulaku wis kaya dadi rejekiku, lan sambatku kutah kaya waé banyu. |
|
| 25 |
|
| Dasar apa sing tak sumelangké, terus nekani aku uga, lan apa sing tak wedèni, ya terus nyerang aku. |
|
| 26 |
|
| Aku ora bisa ayem lan ora olèh lèrèn utawa tentrem, mung kangèlan sing nekani aku.” |
|
|
|
|