Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| Ing kono wong telu mau banjur nguwisi anggone mangsuli marang Ayub, marga Ayub ngarani bener awake dhewe; |
| 2 |
| temah Elihu bin Barakheel, wong Bus, saka darahe Ram, nepsu. Anggone nepsu marang Ayub iku awit nganggep awake dhewe luwih bener katimbang Gusti Allah. |
| 3 |
| Mitrane telu-telune uga dinepsoni, awit sanadyan wis ora bisa madoni, ewadene netepake kaluputane Ayub. |
| 4 |
| Nanging Elihu nyrantekake anggone arep rembugan karo Ayub; mulane mangkono awit mitra telu mau luwih tuwa tinimbang dheweke. |
| 5 |
| Nanging bareng weruh yen tutuke wong telu iku wis ora mangsuli maneh, banjur thukul nepsune. |
| 6 |
| Mangkene calathune Elihu bin Barakheel, wong Bus mau: “Aku isih enom, dene kowe wus padha uwanen, mulane aku pakewuh lan wedi nglairake panemuku marang kowe. |
| 7 |
| Pangrasaku mangkene: Wong kang wus padha tuwa iku becike padha aweh pitutur, lan kang wus akeh cacahe taune iku padha ngandharake bab kawicaksanan. |
| 8 |
| Nanging roh kang ana ing manungsa lan napase Kang Mahakwasa, iku kang paring pangreten. |
| 9 |
| Dudu wong kang wus akeh umure kang kadunungan kawicaksanan, dudu wong kang wus tuwa kang ngreti marang kaadilan. |
| 10 |
| Mulane rembugku: Rungokna gunemku, aku uga arep nglairake panemuku. |
| 11 |
| Sumurupa, aku wus nganti-anti marang calathumu, aku wus nggatekake pamikirmu, nganti kowe padha bisa nemu tembung-tembung kang trep. |
| 12 |
| Kalawan titi anggonku ngrungokake calathumu, nanging sanyatane ora ana kang nelakake lupute Ayub, kowe kabeh ora ana kang nglawan katrangan-katrangane. |
| 13 |
| Saikine kowe aja padha kandha mangkene: Aku wus padha nemu kawicaksanan; mung Gusti Allah kang kwaos ngalahake Ayub dudu manungsa. |
| 14 |
| Tembunge ora tumuju marang aku, lan aku ora bakal mangsuli kalawan migunakake bantahanmu. |
| 15 |
| Wong mau padha legeg-legeg ora bisa aweh wangsulan maneh, ora bisa ngucap satembung-tembunga. |
| 16 |
| Apa aku isih kudu nganti-anti, marga wong-wong iku wus ora duwe pangucap, marga wus mandheg ora bisa mangsuli maneh? |
| 17 |
| Aku uga are aweh wangsulan ing giliranku, aku iya arep nglairake panemuku. |
| 18 |
| Awit aku kebak tetembungan, semangat kang ana ing aku ndhesek marang aku. |
| 19 |
| Satemene batinku iku kaya anggur kang ora ana dalane hawa, kayadene impes anyar kang arep bedhah. |
| 20 |
| Aku kudu calathu supaya lega, aku kudu mbukak lambeku lan aweh wangsulan. |
| 21 |
| Aku ora bakal ilon-ilonen lan ora bakal ngalembana sapa-sapa, |
| 22 |
| amarga aku ora ngreti bab ngalembana; manawa tumindak mangkono, kang nitahake nyawaku mesthi enggal-enggal njabut nyawaku.” |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/job/032.mp3
42
32