Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| “Dene saiki, he Ayub, rungokna kandhaku, lan tilingna pangrungumu marang tembung-tembungku. |
| 2 |
| Sumurupa, aku wus mbukak cangkemku, ilatku ngucap ana ing sangisoring cethakku. |
| 3 |
| Atiku nglairake tembung kalawan jujur, lan lambeku mratelakake kalawan cetha apa kang disumurupi. |
| 4 |
| Aku katitahake dening Rohing Allah, lan napase Kang Mahakwasa njalari aku urip. |
| 5 |
| Manawa kowe bisa, aku wangsulana, mapana arep-arepan karo aku. |
| 6 |
| Satemene tumraping Allah aku karo kowe iku padha bae, aku iya diwangun saka lempung. |
| 7 |
| Mulane kowe aja giris ana ing ngarepku, ora abot anggonku bakal menet marang kowe. |
| 8 |
| Nanging kowe wus calathu ing sacedhake kupingku, lan aku wus krungu anggonmu ngucap mangkene: |
| 9 |
| Aku iki resik aku sepi ing panerak, aku suci tanpa kaluputan. |
| 10 |
| Nanging Panjenengane manggih alasan kanggo nglawan marang aku, aku dianggep mungsuhe. |
| 11 |
| Sikilku dibelok, satindakku tansah dipirsani. |
| 12 |
| Wangsulanku marang kowe: Ing bab iku kowe ora bener, awit Gusti Allah iku ngungkuli manungsa. |
| 13 |
| Yagene kowe kok madoni Panjenengane, awit ora paring wangsulan marang sakehing tembungmu? |
| 14 |
| Amarga Gusti Allah anggone paring pangandika sarana patrap siji loro, nanging wong ora nggatekake. |
| 15 |
| Sajroning pangimpen, sajroning wahyu ing wayah bengi, manawa wong turu kepati, manawa leyeh-leyeh ing paturon; |
| 16 |
| ing kono Panjenengane mbikak kupinging manungsa lan nggatekake wong-wong mau kalawan panyaruwe-panyaruwe, |
| 17 |
| minangka pepalang tumrap pratingkahe lan kanggo ngilangi gumunggunge, |
| 18 |
| temah nyawane kasingkirna saka ing kubur lan uripe saka ing penempuhing tumbak. |
| 19 |
| Wong kelakon kapredi kalawan nandhang lara ing paturon, ing sajroning balung-balunge tansah ana crah kang tanpa kendhat. |
| 20 |
| Nganti wetenge bosen roti, ilang kekarepane mangan kang enak-enak. |
| 21 |
| Daginge susut nganti ora katon, balung-balunge kang maune ora katon, banjur padha pating pendhosol. |
| 22 |
| Nyawane wus nyedhaki kubur, sarta uripe nyedhaki pati. |
| 23 |
| Manawa ana malaekat ing sandhinge, kang dadi panengah, siji ing antarane sewu, kang kadhawuhan mratelakake kabeneraning manungsa, |
| 24 |
| ing kono Gusti Allah bakal paring kawelasan pangandikane: Uculna wong iku, supaya aja nganti mudhun marang ing kubur, Ingsun wus oleh panebus. |
| 25 |
| Wong mau banjur kasegerake awake kaya wong nom, dadi kaya nalika isih nom. |
| 26 |
| Samangsa nyenyuwun marang Gusti Allah, Panjenengane iya karsa midhangetake, temah ndeleng wadanane kalawan suka-pirena, lan Gusti Allah banjur mangsulake kabenerane marang manungsa. |
| 27 |
| Wong mau nuli bakal nyaritani marang wong-wong liyane adhapur kidung mangkene: Aku wus nglakoni dosa lan kang jejeg wus dakbengkokake, ewadene aku ora kawales. |
| 28 |
| Gusti Allah wus mitulungi nyawaku temah ora tumiba ing kubur, lan uripku bakal weruh pepadhang. |
| 29 |
| Kabeh iki nyata-nyata pakaryaning Allah kang ping pindho, ping telu tumanduk marang manungsa, |
| 30 |
| karsane mbalekake nyawane saka ing kubur satemah kasorotan ing cahyaning urip. |
| 31 |
| He Ayub, gatekna, rungokna aku, menenga, aku kang guneman. |
| 32 |
| Manawa ana kang bakal kokkandhakake, wangsulana aku: kandhaa, awit aku kapengin bisa mbenerake kowe. |
| 33 |
| Manawa ora, rembugku rungokna; kowe menenga, aku arep nyumurupake kawicaksanan marang kowe.” |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/job/033.mp3
42
33