|
| 1 |
|
| Elihu banjur mbacutake calathune: |
|
| 2 |
|
| “Apa iki kang kokanggep adil lan anggonmu calathu: kabeneranku ana ing ngarsane Gusti Allah, |
|
| 3 |
|
| karodene pitakonmu kang mangkene: Iku maedahi apa marang aku? Apa kaluwihanku yen katimbang karo anggonku nglakoni dosa? |
|
| 4 |
|
| Aku kang bakal mangsuli kowe lan para mitramu pisan: |
|
| 5 |
|
| Mara tumengaa marang ing langit, delengen mega-mega kang ngungkuli kowe iku! |
|
| 6 |
|
| Manawa kowe kang nglakoni dosa iku kowe arep tumindak apa ana ing ngarsane? Manawa panerakmu akeh, iku kowe nglakoni apa ana ing ngarsane? |
|
| 7 |
|
| Manawa kowe tumindak bener, iku kowe ngolehake Panjenengane apa, utawa Panjenengane tampi apa saka kowe? |
|
| 8 |
|
| Mung wong kang kaya kowe iku kang kapitunan marga saka durakamu lan mung anake manungsa kang oleh kauntungan marga saka kabeneranmu. |
|
| 9 |
|
| Wong ngadhuh-adhuh iku marga saka kaebyukan ing panganiaya, sambat-sambat marga saka panindhese para wong kang kwasa; |
|
| 10 |
|
| nanging wong ora takon: Ana ing ngendi Gusti Allah kang nitahake aku, lan kang paring kidung pamuji ing wayah bengi; |
|
| 11 |
|
| kang maringi kita akal-budi ngungkuli kewan ing bumi, lan kawicaksanan ngungkuli manuk ing awang-awang? |
|
| 12 |
|
| Ing kono wong padha sesambat, nanging Panjenengane ora paring wangsulan, marga saka gumunggunge para wong ala. |
|
| 13 |
|
| Sanyata pasambat kang tanpa isi iku ora dipiyarsakake dening Gusti Allah lan ora dipreduli dening Kang Mahakwasa. |
|
| 14 |
|
| Saya maneh yen kowe calathu, manawa kowe ora ndeleng Panjenengane, manawa prakaramu wus katur ing ngarsane, |
|
| 15 |
|
| lan kowe kudu ngenteni karampungane! Nanging saiki: marga dukane ora ndhawahake paukuman lan Panjenengane ora pati mreduli marang panerak, |
|
| 16 |
|
| Ayub banjur muni-muni kang tanpa guna, sarta crewet, kang tanpa teges.” |
|
|
|
|