|
| 1 |
|
| GUSTI terus nyauri marang Ayub sangka sak njeruhné lésus, tembungé: |
|
| 2 |
|
| “Sapa ta sing nggawé petengé putusan karo tembung sing tanpa pamikir? |
|
| 3 |
|
| Maraa kaya wong lanang! Kowé Tak tyeluk, Aku omongana. |
|
| 4 |
|
| Kowé ana ngendi, waktu Aku nelesi bumi. Ngomonga yèn kowé ngerti! |
|
| 5 |
|
| Sapa sing netepaké ukurané kowé apa ora weruh? Lan sapa sing mentèng tali ukurané? |
|
| 6 |
|
| Tyagak-tyagaké mantyep ing ngendi lan sapa sing masang watu pojokan, |
|
| 7 |
|
| ing waktu lintang-lintang ésuk pada seneng-seneng bebarengan lan para anaké Gusti Allah pada surak-surak? |
|
| 8 |
|
| Sapa sing mbendung segara karo lawang waktu ijik kemrasak metu sangka wetengé, |
|
| 9 |
|
| waktu Aku nggawé mendung kanggo sandangané lan pepeteng kanggo buntelé; |
|
| 10 |
|
| waktu Aku netepaké watesé, lan masang slorok kantyingé lan lawang; |
|
| 11 |
|
| waktu Aku ngomong: Tekan ing kéné waé, aja kliwat, ing kéné ombakmu sing gemunggung bakal pada diendek! |
|
| 12 |
|
| Ing sak njeruhné uripmu apa kowé tau ngundang marang tekané ésuk lan mernahké ésuk wétan, |
|
| 13 |
|
| supaya pada nyekel pojokané bumi lan ngebutké wong duraka? |
|
| 14 |
|
| Bumi mau terus salin rupa dadi lempung sing dityap, samubarang kabèh rupa kaya klambiné. |
|
| 15 |
|
| Para wong duraka pada kélangan pepadangé, tangan sing diatyungké ditugel. |
|
| 16 |
|
| Apa kowé wis bisa mudun nganti tekan sumberé segara lan wis ndlajahi dasaré segara? |
|
| 17 |
|
| Apa gapurané pati wis pada kétok marang kowé lan apa kowé wis weruh lawangé teleng palimengan? |
|
| 18 |
|
| Apa kowé ngerti jembaré bumi? Tyeritakna, yèn kowé wis weruh kuwi kabèh! |
|
| 19 |
|
| Ing ngendi dalan sing tekan panggonané pepadang, lan ing ngendi pernahé pepeteng, |
|
| 20 |
|
| supaya kowé terus bisa mernahké ing pangwasané déwé-déwé lan weruh dalan-dalan sing tekan panggonané? |
|
| 21 |
|
| Mesti kowé wis weruh, awit waktu semono kowé wis lair, lan wis okèh tyatyahé dinamu! |
|
| 22 |
|
| Apa kowé wis mlebu ing gedong simpenané salju, lan apa wis weruh simpenané udan krikil, |
|
| 23 |
|
| sing Aku nyimpen kanggo dina kangèlan, kanggo waktu gelut lan perang? |
|
| 24 |
|
| Ing ngendi dalané menyang panggonan sumberé pepadang, lan panggonan pentyaré angin ing sak lumahé bumi? |
|
| 25 |
|
| Sapa sing nggawé ilèn-ilèné udan deres lan dalan kanggo klélapé gluduk, |
|
| 26 |
|
| supaya tanah sing ora dienggoni karo wong lan ara-ara sing suwung pada kudanan; |
|
| 27 |
|
| lan supaya ara-ara samun lan tanah sing ludes pada kewareken uga suket-suket pada tukul seger? |
|
| 28 |
|
| Apa udan kuwi ana bapaké? Lan sapa sing nganakké nètèsé ebun? |
|
| 29 |
|
| Es kuwi metu sangka wetengé sapa, lan ebun sing kentel ing langit kuwi sapa sing nglairké? |
|
| 30 |
|
| Banyu kentel nganti kaya watu, lan nduwuré segara dadi atos. |
|
| 31 |
|
| Apa kowé bisa mbundeli taliné lintang Wuluh, lan ngutyuli bandané lintang Wluku? |
|
| 32 |
|
| Apa kowé bisa ngetokké lintang Bima sutyi ing waktuné, lan nuntun mlakuné lintang Kapal lan anak-anaké? |
|
| 33 |
|
| Apa kowé weruh pernatané langit lan netepké enggoné mréntah ing bumi? |
|
| 34 |
|
| Apa kowé bisa mbengokké swaramu nganti tekan mendung, nganti kowé terus kebanjiran? |
|
| 35 |
|
| Apa kowé bisa ngetyulké klélap, nganti pada samber-samberan karo ngomong marang kowé: kita nang kéné? |
|
| 36 |
|
| Sapa sing ngekèki weruh manuk ibis yèn kali Nil bakal banjir, utawa sapa sing ngekèki ngerti marang jago yèn udan arep teka? |
|
| 37 |
|
| Sapa bisa ngitung mendung karo kawityaksanan, lan sapa sing bisa nyuntak gentongé langit, |
|
| 38 |
|
| waktu lebu kentel dadi logam lan prongkolan lemah pada kelèt dadi siji? |
|
|
: |
| 1 | | 2 | | 3 | | 4 | | 5 | | 6 | | 7 | | 8 | | 9 | | 10 | | 11 | | 12 | | 13 | | 14 | | 15 | | 16 | | 17 | | 18 | | 19 | | 20 | | 21 | | 22 | | 23 | | 24 | | 25 | | 26 | | 27 | | 28 | | 29 | | 30 | | 31 | | 32 | | 33 | | 34 | | 35 | | 36 | | 37 | | 38 | 1
1
1 |
|
|---|
|
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/job/038.mp3
42
38