|
| 1 |
|
| Apa kowé bisa nggolèkké memangsané singa wédok, lan bisa maremké marang singa nom, |
|
| 2 |
|
| yèn pada mendek-mendek ing guwané yèn pada ndingkik ing grumbulan? |
|
| 3 |
|
| Sapa sing nyawiské pangané gagak, yèn anaké pada sambat marang Gusti Allah, pada mbengok-mbengok awit ora ana pangan? |
|
| 4 |
|
| Kowé apa weruh wantyiné wedus gunung nduwé anak, utawa apa namatké menjangan wédok enggoné mbayi? |
|
| 5 |
|
| Apa kowé bisa ngitung pirang sasi enggoné meteng lan apa bisa weruh ing waktuné manak? |
|
| 6 |
|
| Enggoné nglairké anaké, karo njengking lan terus ngetokké isiné wetengé. |
|
| 7 |
|
| Anaké pada dadi rosa lan gedé ing ara-ara, pada lunga lan ora bali marang emaké. |
|
| 8 |
|
| Sapa sing ngumbar kimar alasan, utawa sapa sing ngutyuli dadungé kimar ing ara-ara? |
|
| 9 |
|
| Ara-ara sing Tak wènèhké dadi panggonané lan tanah asin dadi panggonané. |
|
| 10 |
|
| Raméné kuta dipoyoki, ora krungu swarané sing nggiring; |
|
| 11 |
|
| terus golèk pangonan ing gunung-gunung, lan nggolèki samubarang sing ijuh. |
|
| 12 |
|
| Apa sapi alasan gelem teluk marang kowé utawa gelem turu ing sak tyedaké ambènmu yèn mbengi? |
|
| 13 |
|
| Apa kowé bisa meksa sapi alasan manut pasangané ngluku karo keluhan, utawa nggaru bumi ing legokan ngetutké mlakumu? |
|
| 14 |
|
| Apa kowé pertyaya, awit gedé kekuwatané? Utawa terus kowé dipasrahi penggawéanmu sing abot? |
|
| 15 |
|
| Apa kowé netepaké, yèn bakal nguléhké pametuné lemahmu, lan nglumpukké ing panggonan pametuné gandummu? |
|
| 16 |
|
| Manuk unta ngeblak-ngeblak karo bungah nanging apa sewiwi lan wuluné kuwi ndadèkké manuk ooievaar? |
|
| 17 |
|
| Awit endoké ditinggal nang lemah, lan ditokké lan dienggremi ing wedi, |
|
| 18 |
|
| nanging lali, yèn endok mau bisa kepidak sikil, lan diiles-iles karo kéwan alasan. |
|
| 19 |
|
| Ngrumati marang anak-anaké abot kaya duduk anaké déwé; senajan rekasané tanpa guna, ora perduli, |
|
| 20 |
|
| awit ora dikèki kawityaksanan karo Gusti Allah lan ora dipandumi pangertèn. |
|
| 21 |
|
| Yèn ngeblak-ngeblak karo gemunggung, terus nggeguyu jaran lan sing numpaki. |
|
| 22 |
|
| Apa kowé sing ngekèki karosan marang jaran? Apa kowé sing nyandangi jenggèr ing gitoké? |
|
| 23 |
|
| Apa kowé sing nggawé bisa mlumpat kaya walang? Yèn nggeber medèni tenan. |
|
| 24 |
|
| Enggoné takur-takur ing lemah karo seneng, enggoné maju metuk gaman karo kekuwatan. |
|
| 25 |
|
| Sembarang sing medèni diguyu lan ora tau wedi uga ora gelem mundur yèn adep-adepan karo pedang. |
|
| 26 |
|
| Wadah panah kemrintying ing sak nduwuré, tumbak lan tuwok pating tylèrèt. |
|
| 27 |
|
| Karo kendel lan galak lemah dikemah-kemah, lan banget notolé yèn krungu uniné trompèt; |
|
| 28 |
|
| ngerik-ngerik yèn trompèt diunèkké; lan sangka kadohan wis bisa ngambus anané perang, banteré swarané para penggedéné lan suraké suradadu. |
|
| 29 |
|
| Apa kepinteranmu sing mulangi maburé manuk alap-alap karo megarké swiwiné nuju ngidul? |
|
| 30 |
|
| Apa awit sangka préntahmu manuk beri kuwi enggoné terus mumbul lan nusuh ing panggonan sing duwur? |
|
| 31 |
|
| Enggoné manggon lan nusuh ing gunung watu, ing putyuké gunung watu lan ing gunung sing angèl diunggahi. |
|
| 32 |
|
| Ing kono enggoné ingak-inguk memangsané, matané ngawas-awasi sangka kadohan; |
|
| 33 |
|
| anaké pada nyosropi getih lan ing ngendi ana batang, manuk beri mesti ing kono.” |
|
| 34 |
|
| GUSTI terus nyauri, tembungé marang Ayub: |
|
| 35 |
|
| “Tukang ndakwa apa ijik arep nggawé perkara marang sing Mahakwasa? sing nyalahké Gusti Allah kuwi supaya nyauri!” |
|
| 36 |
|
| Ing kono semauré Ayub marang GUSTI: |
|
| 37 |
|
| “Tenan, kula kuwi asor banget, kula bakal nyauri apa marang Panjenengan? Tutuk kula kula tutupi karo tangan. |
|
| 38 |
|
| Sepisan kula wis nduwé tembung, nanging bakal ora kula takokké menèh; malah kaping pindo, nanging ora bakal kula terusaké.” |
|
|
|
|