|
| 1 |
|
| Pangeran Yehuwah banjur ngandika maneh marang Ayub saka ing satengahing prahara, mangkene: |
|
| 2 |
|
| “Mara rumantia dikaya wong lanang; “Sira bakal Sundangu, Ingsun unjukana wangsulan. |
|
| 3 |
|
| Apa sira arep ngorakake pangadilaningSun nyalahake Ingsun supaya bisa mbenerake awakira dhewe? |
|
| 4 |
|
| Apa tanganira kaya astaning Allah, lan apa sira bisa ngetokake swara gumludhug kaya Panjenengane? |
|
| 5 |
|
| Yen mangkono awakira wenehana rerenggan kamulyan lan kaluhuran, sira ngrasuka kaagungan lan prabawa! |
|
| 6 |
|
| Esokna nepsunira kang mulad-mulad; awasna saben wong kang kumlungkung lan sira esorna, |
|
| 7 |
|
| awasna saben wong kang lumuhur-luhur iku lan dhingklukna. Sarta wong duraka padha sira leburna ana ing panggonane! |
|
| 8 |
|
| Pendhemen bebarengan ana ing njero lebu, kunjaranen ana ing papan kang ndhelik, |
|
| 9 |
|
| temah Ingsun bakal ngalembana marang sira, amarga tanganira tengen ngolehake kaunggulan marang sira.” |
|
| 10 |
|
| “Sira nyawanga jaran Nil, kang wus Suntitahake uga kaya sira. Iku mangan suket kaya sapi. |
|
| 11 |
|
| Sira mawanga karosane kang dumunung ana ing lempenge kakuwatane kang ana ing ototing wetenge! |
|
| 12 |
|
| Anggone ngencengake buntute kaya wit eres, otot-ototing pupune bebuletan, |
|
| 13 |
|
| Balung-balunge kaya pipa tembaga, ragangane kaya lantakan wesi. |
|
| 14 |
|
| Iku kang dhisik dhewe katitahake dening Gusti Allah, makhluk kang kaparingan gegaman pedhang; |
|
| 15 |
|
| gunung-gunung padha nuwuhake kang minangka pakane; kewan alasan padha seneng-seneng ana ing kono. |
|
| 16 |
|
| Jaran Nil mau anggone njerum ana ing sangisoring wit trate, ingaling-alingan ing glagah lan rawa. |
|
| 17 |
|
| Tetuwuhan trate padha ngayomi kalawan ayang-ayangane, sarta ingubengan ing wit truntum. |
|
| 18 |
|
| Sanadyan ilining banyu santer banget, kewan mau ora gumeter; sanadyan bengawan Yarden luber nempuh marang cangkeme, atine iya enak-enak bae. |
|
| 19 |
|
| Apa wong bisa nyekel saka ing ngarep lan bisa ngeluhi irunge?” |
|
| 20 |
|
| “Apa sira bisa nggered baya nganggo pancing, utawa njiret ilate nganggo tali? |
|
| 21 |
|
| Apa sira bisa ngetrapake tali penjalin ing irunge, utawa nyublesake gantholan ing uwange. |
|
| 22 |
|
| Apa kira-kira kewan mau bisa njaluk sih-piwelas marang sira, utawa bisa calathu alus marang sira? |
|
| 23 |
|
| Apa kira-kira bisa gawe prajanjian kalawan sira, temah banjur sira dadekake batur ing salawase? |
|
| 24 |
|
| Apa sira bisa dolanan karo kewan mau kayadene karo manuk, sarta apa bisa sira dadekake dolananing anak-anakira wadon? |
|
| 25 |
|
| Apa kira-kira kena didadekake daganganing para juru amek iwak, utawa diedum-edum ing antarane para wong dagang? |
|
| 26 |
|
| Apa kulite kena sira jojohi kalawan towok, utawa endhase kalawan cempuling? |
|
| 27 |
|
| Tanganira sira tumpangna ing endhase! Elinga marang anggone tarung! -- Sira ora bakal nindakake mangkono maneh! |
|
| 28 |
|
| pangarep-arepira iku sanyata tanpa isi. Lagi ndeleng kewan iku bae, wong wis ambruk. |
|
|
: |
| 1 | | 2 | | 3 | | 4 | | 5 | | 6 | | 7 | | 8 | | 9 | | 10 | | 11 | | 12 | | 13 | | 14 | | 15 | | 16 | | 17 | | 18 | | 19 | | 20 | | 21 | | 22 | | 23 | | 24 | | 25 | | 26 | | 27 | | 28 | 1
1
1 |
|
|---|
|
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/job/040.mp3
42
40