|
| 1 |
|
| GUSTI terus ngomong menèh marang Ayub sangka sak tengahé lésus, mengkéné: |
|
| 2 |
|
| “Maraa dadia kaya wong lanang; Kowé bakal Tak tyeluk, Aku disauri. |
|
| 3 |
|
| Apa kowé arep ngilangi pengadilan-Ku nyalahké Aku supaya bisa mbenerké awakmu déwé? |
|
| 4 |
|
| Apa tanganmu kaya tangané Gusti Allah, lan apa kowé bisa ngetokké swara gembluduk kaya Panjenengané? |
|
| 5 |
|
| Yèn mengkono awakmu wènèhana rerékan kamulyan lan kaluhuran, kowé nganggoa kahurmatan lan wibawa! |
|
| 6 |
|
| Esokna nesumu sing mulat-mulat; awasana saben wong sing gemunggung lan asorna, |
|
| 7 |
|
| awasana saben wong sing sombong-sombong kuwi lan dingklukna. Lan wong duraka pada kok lebur ing panggonané! |
|
| 8 |
|
| Pendemen bebarengan ing njeruhné lebu, ukumen ing panggonan sing ndelik, |
|
| 9 |
|
| nganti Aku bakal ngelem-elem marang kowé, awit tanganmu tengen ngekèki kemenangan marang kowé.” |
|
| 10 |
|
| “Kowé nyawanga jaran Nil, sing wis Tak gawé uga kaya kowé. Kuwi mangan suket kaya sapi. |
|
| 11 |
|
| Kowé nyawanga kekuwatané sing manggon ing lempèngé kekuwatané ing ototé wetengé! |
|
| 12 |
|
| Enggoné ngentyengké buntuté kaya wit tyemara, otot-ototé pupuné talèn-talènan, |
|
| 13 |
|
| Balung-balungé kaya pipa tembaga, ragangané kaya balok wesi. |
|
| 14 |
|
| Kuwi sing ndisik déwé digawé karo Gusti Allah, makluk sing dikèki gaman pedang; |
|
| 15 |
|
| gunung-gunung pada ngetokké sing kanggo pakané; kéwan alasan pada seneng-seneng ing kono. |
|
| 16 |
|
| Jaran Nil mau enggoné njerum ing sak ngisoré wit traté, kaling-kalingan karo glagah lan rawa. |
|
| 17 |
|
| Tetukulan traté pada ngayomi karo ayang-ayangé, lan diubengi karo wit truntum. |
|
| 18 |
|
| Senajan iliné banyu banter banget, kéwan mau ora gemeter; senajan laut Yordan lubèr nyerang marang tyangkemé, atiné ya énak-énak waé. |
|
| 19 |
|
| Apa wong bisa nyekel sangka ngarep lan bisa ngeluhi irungé?” |
|
| 20 |
|
| “Apa kowé bisa nggèrèt bajul nganggo pantying, utawa njiret ilaté nganggo tali? |
|
| 21 |
|
| Apa kowé bisa masang tali penjalin ing irungé, utawa nyubleské gantolan ing rahangé. |
|
| 22 |
|
| Apa kira-kira kéwan mau bisa njaluk kawelasan marang kowé, utawa bisa ngomong alus marang kowé? |
|
| 23 |
|
| Apa kira-kira bisa nggawé perjanjian karo kowé, nganti terus kowé ndadèkké batur ing selawasé? |
|
| 24 |
|
| Apa kowé bisa dolanan karo kéwan mau kaya karo manuk, lan apa bisa kok dadèkké dolanané anak-anakmu wadon? |
|
| 25 |
|
| Apa kira-kira kena didadèkké dagangané para tukang nggolèk iwak, utawa diedum-edum ing antarané para wong dagang? |
|
| 26 |
|
| Apa kulité kena kok jojohi karo tumbak, utawa endasé karo tlempak? |
|
| 27 |
|
| Tanganmu kok tumpangna ing endasé! Elinga marang enggoné tarung! Kowé ora bakal nindakké mengkono menèh! |
|
| 28 |
|
| Pengarep-arepmu kuwi tenan tanpa isi. Ijik weruh kéwan kuwi waé, wong wis ambruk. |
|
|
|
|