|
| 1 |
|
| Mangsa anaa wong kang sembranane nganti wani nenangi nepsune baya iku, lan sapa kang keconggah maju nglawan marang Ingsun? |
|
| 2 |
|
| Sapa kang methukake Ingsun, kang Sundamel lestari slamet? Samubarang kang ana sangisoring langit iku wus dadi kagunganingSun kabeh. |
|
| 3 |
|
| Ingsun ora bakal nyidem kaananing gegelitane baya iku, bab karosane lan endahing pawakane. |
|
| 4 |
|
| Sapa kang bisa mbukak jubahe? Sapa kang bisa nyuduk nganti tembus kerene kang rangkep iku? |
|
| 5 |
|
| Sapa kang bisa ngengakake inebing cangkeme? Ing sakubenging untune kaanane nggegirisi. |
|
| 6 |
|
| Gigire awujud tameng-tameng kang santosa, kang kraket rapet kaya segel. |
|
| 7 |
|
| Siji lan sijine gandheng rapet nganti ora bisa klebon angin; |
|
| 8 |
|
| kang siji kelet karo sijine cathok-cinathok ora kena kapisah. |
|
| 9 |
|
| Samangsa wahing metu sunare, matane kaya pletheking bangbang wetan. |
|
| 10 |
|
| Cangkeme metu obore, lan nyemburake geni kang pating pletik. |
|
| 11 |
|
| Lenging irunge metu kukuse kaya saka ing kwali kang umob isine kumebul. |
|
| 12 |
|
| Ambekane ngobong areng, cangkeme metu genine. |
|
| 13 |
|
| Githoke kadunungan kakuwatan, pagiris lincak-lincak ana ing ngarepe. |
|
| 14 |
|
| Gembel-gembeling daginge padha kelet lengket. kraket ing awake ora glembyar-glembyor. |
|
| 15 |
|
| Atine atos kaya watu, atose kaya watu landhesaning panggilingan. |
|
| 16 |
|
| Samangsa gumregah, kabeh wong kang kwasa padha gumeter dadi bingung jalaran wedi. |
|
| 17 |
|
| Manawa dipedhang ora pasah, mangkono uga ditumbak, ditowok utawa dipanah. |
|
| 18 |
|
| Wesi dirasa kaya dami, tembaga kaya kayu gapuk. |
|
| 19 |
|
| Panah ora bisa nglungakake, bebanggal watu kaya-kaya malih dadi damen. |
|
| 20 |
|
| Gada dianggep merang sarta sumiyuting towok digeguyu. |
|
| 21 |
|
| Ing kurebe ana kang kaya wingka lincip-lincip, manawa mengkureb ing endhutan kaya piranti pangruntuhan. |
|
| 22 |
|
| Teleng didadekake molak-malik kaya godhongan ing kendhil, sagara didadekake piranti ngolah campuran bumbon. |
|
| 23 |
|
| Tabeting lakune sumunar, satemah samodra kakira uwan dening wong. |
|
| 24 |
|
| Ing salumahing bumi ora ana kang madhani, iku makhluk kang ora kadunungan wedi. |
|
| 25 |
|
| Kabeh kang luhur padha wedi karo kewan iku, iku dadi ratune sakehing kewan galak.” |
|
|
: |
| 1 | | 2 | | 3 | | 4 | | 5 | | 6 | | 7 | | 8 | | 9 | | 10 | | 11 | | 12 | | 13 | | 14 | | 15 | | 16 | | 17 | | 18 | | 19 | | 20 | | 21 | | 22 | | 23 | | 24 | | 25 | 1
1
1 |
|
|---|
|
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/job/041.mp3
42
41