|
| 1 |
|
| Senajana anaa wong sing sembranané nganti wani nangèkké nesuné bajul kuwi, lan sapa sing kuwat maju nglawan marang Aku? |
|
| 2 |
|
| Sapa sing ngadepi Aku, sing Tak gawé tetep slamet? Samubarang sing ana sak ngisoré langit kuwi wis dadi duwèk-Ku kabèh. |
|
| 3 |
|
| Aku ora bakal meneng waé kanggo balung-balungé bajul kuwi, bab kekuwatané lan apiké pawakané. |
|
| 4 |
|
| Sapa sing bisa mbukak jubahé? Sapa sing bisa nyuduk nganti tembus sisiké sing rangkep kuwi? |
|
| 5 |
|
| Sapa sing bisa mbukakké nutupé tyangkemé? Ing sak ubengé untuné kahanané medèni. |
|
| 6 |
|
| Gegeré rupa tamèng-tamèng sing kuwat, sing kelèt rapet kaya ségel. |
|
| 7 |
|
| Siji lan sijiné gandèng rapet nganti ora bisa klebon angin; |
|
| 8 |
|
| sing siji kelèt karo sijiné tyatok-tyatokan ora kena pisah. |
|
| 9 |
|
| Yèn wahing metu sloroté, matané kaya njedulé ésuk wétan. |
|
| 10 |
|
| Tyangkemé metu ontyoré, lan nyemburké geni sing pating pletik. |
|
| 11 |
|
| Irungé metu kemebulé kaya sangka kwali sing umup isiné kemebul. |
|
| 12 |
|
| Ambekané ngobong areng, tyangkemé metu geniné. |
|
| 13 |
|
| Gitoké kanggonan kekuwatan, rasa wedi jingklak-jingklak ing ngarepé. |
|
| 14 |
|
| Gèmbèl-gèmbèlé dagingé pada kelèt, kelèt ing awaké ora glémbyar-glémbyor. |
|
| 15 |
|
| Atiné atos kaya watu, atosé kaya watu landesané gilingan. |
|
| 16 |
|
| Yèn ngadek, kabèh wong sing kwasa pada gemeter dadi bingung jalaran wedi. |
|
| 17 |
|
| Yèn dipedang ora masah, mengkono uga ditumbak, ditowok utawa dipanah. |
|
| 18 |
|
| Wesi dirasa kaya damèn, tembaga kaya kayu gapuk. |
|
| 19 |
|
| Panah ora bisa nglungakké, bandem watu kaya malih dadi damèn. |
|
| 20 |
|
| Gepuk dianggep merang lan swarané tumbak diguyu. |
|
| 21 |
|
| Ing ngisoré ana sing kaya beling lintyip-lintyip, yèn mengkurep ing endutan kaya piranti kanggo ngluku. |
|
| 22 |
|
| Panggonané didadèkké molak-malik kaya godongan ing kendil, segara didadèkké piranti ngolah tyampuran bumbon. |
|
| 23 |
|
| Tilas mlakuné semlorot, terus segara kok kira uwané wong. |
|
| 24 |
|
| Ing sak lumahé bumi ora ana sing madani, kuwi makluk sing ora kanggonan wedi. |
|
| 25 |
|
| Kabèh sing luhur pada wedi karo kéwan kuwi, kuwi dadi ratuné kabèh kéwan galak.” |
|
|
|
|