|
| 1 |
|
| Tumuli Bildad wong Suah mangsuli, calathune: |
|
| 2 |
|
| “Nganti pira lawase anggonmu duwe ujar mangkono iku, sarta tembunging tutukmu kaya angin gedhe iku? |
|
| 3 |
|
| Apa iya Gusti Allah kok mbengkokake kaadilan? Apa iya Kang Mahakuwasa kok mbengkokake kabeneran? |
|
| 4 |
|
| Manawa anak-anakmu padha gawe dosa marang Panjenengane, mesthi wus dipasrahake marang pangwasane panerake dhewe. |
|
| 5 |
|
| Nanging manawa anggonmu ngupaya Gusti Allah, sarta nyuwun sih-piwales marang Kang Mahakuwasa, |
|
| 6 |
|
| anggere kowe resik lan temen, Panjenengane mesthi banjur wungu lan mitulungi kowe, tuwin ndandani omah kang dadi wewenangmu. |
|
| 7 |
|
| Satemah kaananmu kang wiwitan bakal katon asor, dene kaananmu kang wekasan bakal dadi mulya banget. |
|
| 8 |
|
| Takona ta bab wong-wong jaman biyen, lan gatekna apa kang wus katitipriksa dening para leluhur. |
|
| 9 |
|
| Amarga kita iki padha bocah dhek wingi sore, padha ora sumurup apa-apa, awit umur kita ana ing donya iki kayadene wewayangan. |
|
| 10 |
|
| Para leluhur mau rak sing kudu mulang lan pratela marang kowe, tuwin nglairake tetembungan kang metu saka ing atine. |
|
| 11 |
|
| Bangsane glonggong apa bisa thukul gedhe, manawa ora ana ing rawa, utawa glagah apa bisa thukul subur manawa tanpa banyu? |
|
| 12 |
|
| Sanadyan lagi nedheng-nedhenge thukul, sadurunge mangsane dipecok, rak mesthi banjur alum, gelis iku katimbang karo bangsa suket liyane. |
|
| 13 |
|
| Ora beda karo lelakone sakehe wong kang ora eling marang Gusti Allah; iku sirna pangarep-arepe; |
|
| 14 |
|
| pangarep-arepe kaya jaring kemlandhingan, lan pangandele kaya jaring kemangga, |
|
| 15 |
|
| omahe dianggo sesendhen, nanging ora bisa terus ngadeg, digondheli, nanging ora kuwat. |
|
| 16 |
|
| Dheweke kaya tetuwuhan kang isih seger ana ing padhange srengenge, elunge mratani ing patamanane. |
|
| 17 |
|
| Oyod-oyode nggubet-nggubet ing tumpukan watu, lan nlesep-nlesep ing sela-selaning watu-watu iku. |
|
| 18 |
|
| Manawa dibedhol saka ing panggonane, banjur diselaki dening panggonan mau, pangucape: Aku durung tau weruh kowe. |
|
| 19 |
|
| Iya mangkono iku kabungahaning uripe, sarta nuli ana thethukulan liyane kang tuwuh saka ing lemah. |
|
| 20 |
|
| Sumurupa, Gusti Allah ora bakal nampik wong kang temen, lan ora ngasta tangane wong kang gawe duraka. |
|
| 21 |
|
| Panjenengane isih damel tutukmu gumuyu, sarta damel lambemu asurak-surak. |
|
| 22 |
|
| Satrumu bakal sinandhangan wirang, tuwin tarube wong duraka bakal sirna.” |
|
|
|
|