|
| 1 |
|
| Ing kono Ayub mangsuli, pangucape: |
|
| 2 |
|
| “Sanyatane aku wus sumurup, yen iku pancen mangkono, kapriye manungsa anggone bisa tinemu bener ana ing ngarsaning Allah? |
|
| 3 |
|
| Saupama Gusti Allah karsa mabeni, ing sewu prakara saprakara bae mesthi ora bisa ngunjuki wangsulan. |
|
| 4 |
|
| Sapa ta, sanadyan wicaksana atine lan gedhe kakuwatane, kang bisa nglawan marang Panjenengane sarta lestari slamet? |
|
| 5 |
|
| Iya Panjenengane kang ngelih gunung ora kalawan kasumurupan ing wong, lan diwolak-walik ing sajroning bebendune; |
|
| 6 |
|
| ngingser bumi saka ing panggonane, satemah saka-sakane padha gonjing, |
|
| 7 |
|
| srengenge diwaleri, temah ora mlethek; lintang-lintang dikurung kalawan disegel; |
|
| 8 |
|
| Gusti Allah piyambak kang mbeber langit, kang nglangkahi alune sagara, |
|
| 9 |
|
| kang nitahake lintang Prau, lintang Wluku lan lintang Wuluh, apadene lintang-lintang ing kidul; |
|
| 10 |
|
| kang nindakake pakaryan kang agung, ora kena jinajagan; sarta kaelokan tanpa wilangan. |
|
| 11 |
|
| Manawa Panjenengane langkung ing sandhingku, aku ora sumurup, lan manawa lumampah aku ora ndeleng. |
|
| 12 |
|
| Manawa Panjenengane ngrebat apa-apa, kang ngalang-alangi sapa? Sapa kang munjuk: Punapa ingkang Paduka tindakaken punika? |
|
| 13 |
|
| Gusti Allah ora mekak bebendune, para pambantune Rahab padha tumelung ana ing ngarsane. |
|
| 14 |
|
| Apamaneh aku, kapriye bisaku madoni Panjenengane, utawa milih tembung kanggo nglawan marang Panjenengane? |
|
| 15 |
|
| Sanadyan aku bener, iya mangsa bisaa ngunjukake panjawab, malah aku kudu nyuwun sih-piwales marang Hakimku. |
|
| 16 |
|
| Saupama aku nyenyebut, mangka Panjenengane paring wangsulan, aku mesthi iya ora ngandel, yen Panjenengane karsa miyarsakake swaraku; |
|
| 17 |
|
| Panjenengane kang nempuh aku kalawan prahara, sarta kang ngakehake tatuku tanpa sabab, |
|
| 18 |
|
| kang ora marengake aku unjal ambekan, nanging kang malah maregi aku kalawan pait-getir. |
|
| 19 |
|
| Manawa bab karosan, Panjenengane iku kang kagungan. Manawa bab kaadilan, sapa kang bisa nggugat Panjenengane? |
|
| 20 |
|
| Sanadyan aku bener, cangkemku dhewe kang bakal ngluputake aku; sanadyan aku ora salah, Panjenengane kang bakal nyalahake aku. |
|
| 21 |
|
| Aku ora luput! Aku ora mreduli awakku, aku ora ngetung uripku. |
|
| 22 |
|
| Kabeh-kabeh iku padha bae, mulane pangucapku: Wong luput lan wong ora luput karo-karone padha tinumpes. |
|
| 23 |
|
| Manawa cemethine dumadakan memateni, Panjenengane banjur nggegujeng bubrahing nalare wong kang ora luput. |
|
| 24 |
|
| Bumi wus kapasrahake marang wong duraka, hakime jagad ditutupi raine; manawa dudu Gusti Allah kang nindakake iku, lah sapa ta? |
|
| 25 |
|
| Playune dina-dinaning umurku rikate ngungkuli utusan kilat, wus padha larud tanpa nyumurupi kabegjan, |
|
| 26 |
|
| pesating lakune kaya prau glagah, kaya abure manuk garudha kang nyamber memangsan. |
|
| 27 |
|
| Saupami kawula gadhah pangucap makaten: Daklalekake sesambatku, dakbuwange anggonku mbesengut, banjur dadi bungah maneh, |
|
| 28 |
|
| punika kawula ajrih dhateng kasisahan kawula sadaya, awitdene kawula sumerep, bilih Paduka boten badhe mastani kawula tanpa kalepatan. |
|
| 29 |
|
| Kawula temtu katetepaken tiyang duraka, punapa ginanipun kawula ngantos kangelan tanpa wekasan? |
|
| 30 |
|
| Sanadyan kawula adusa toya salju, sarta wisuha mawi sabun, |
|
| 31 |
|
| Paduka temtu mblesekaken kawula ing endhutan, lajeng sandhangan kawula sami nganggep jijik dhateng kawula. |
|
| 32 |
|
| Amarga Panjenengane iku dudu manungsa kaya aku, kang kena dakcaosi panjawab: Sumangga sami sesarengan sowan dhateng ing ngarsaning pangadilan. |
|
| 33 |
|
| Ora ana juru pamisah, kang numpangake tangan marang kita sakarone! |
|
| 34 |
|
| Satemah Panjenengane banjur nyingkirake gebage saka ing awakku, sarta aku nuli ora giris ana ing ngarsane. |
|
| 35 |
|
| Manawa kelakon mangkono, aku iya bakal munjuk ora nganggo wedi, awit aku pancen ora mangkono.” |
|
|
: |
| 1 | | 2 | | 3 | | 4 | | 5 | | 6 | | 7 | | 8 | | 9 | | 10 | | 11 | | 12 | | 13 | | 14 | | 15 | | 16 | | 17 | | 18 | | 19 | | 20 | | 21 | | 22 | | 23 | | 24 | | 25 | | 26 | | 27 | | 28 | | 29 | | 30 | | 31 | | 32 | | 33 | | 34 | | 35 | 1
1
1 |
|
|---|
|
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/job/009.mp3
42
9