|
| 1 |
|
| Ing kono Ayub nyauri: |
|
| 2 |
|
| “Sejatiné aku wis weruh, yèn kuwi pantyèn mengkono, kepriyé manungsa enggoné bisa ketemu bener ing ngarepé Gusti Allah? |
|
| 3 |
|
| Yèn Gusti Allah gelem nggawé perkara, ing 1000 perkara, sak perkara waé mesti ora ana wong bisa mbantah balesané tembungé. |
|
| 4 |
|
| Sapa ta, senajan wityaksana atiné lan gedé kekuwatané, sing bisa nglawan marang Panjenengané lan tetep slamet? |
|
| 5 |
|
| Ya Panjenengané sing ngelih gunung ora ana wong sing weruh, lan diwolak-walik ing sak njeruhné bebenduné; |
|
| 6 |
|
| nggèsèr bumi sangka panggonané, terus tyagak-tyagaké pada gonjing, |
|
| 7 |
|
| srengéngé dipréntah, nganti ora njedul; lintang-lintang dikurung karo diségel; |
|
| 8 |
|
| Gusti Allah déwé sing mbèbèr langit, sing nglangkahi ombaké segara, |
|
| 9 |
|
| sing nggawé lintang-lintangé Prau, lintang-lintangé Wluku lan lintang-lintangé Wuluh, uga lintang-lintang ing kidul; |
|
| 10 |
|
| sing nindakké penggawéané sing gedé, ora kena dijajaki; lan mujijaté tanpa kena diitung. |
|
| 11 |
|
| Yèn Panjenengané liwat ing sandingku, aku ora weruh, lan yèn mlaku aku ora weruh. |
|
| 12 |
|
| Yèn Panjenengané ngrebut apa-apa, sing ngalang-alangi sapa? Sapa sing ngalang-alangi: Apa sing Panjenengan tandangi iki? |
|
| 13 |
|
| Gusti Allah ora ngendek bebenduné, para abdiné Rahab pada mbungkuk ing ngarepé. |
|
| 14 |
|
| Uga aku, kepriyé bisané nesoni Panjenengané, utawa menèh tembung kanggo nglawan marang Panjenengané? |
|
| 15 |
|
| Senajan aku bener, ya mosok bisa mbantah Panjenengané, malah aku kudu njaluk kawelasan marang sing ndakwa aku. |
|
| 16 |
|
| Yèn aku nyebut-nyebut, nanging Panjenengané nyauri, aku mesti ya ora ngandel, yèn Panjenengané gelem ngrungokké swaraku; |
|
| 17 |
|
| Panjenengané sing nyerang aku karo lésus, lan sing ngakèhké tatuku tanpa sebab, |
|
| 18 |
|
| sing ora nglilani aku ambekan, nanging malah mareki aku karo pait-getir. |
|
| 19 |
|
| Yèn bab karosan, Panjenengané kuwi sing nduwé. Yèn bab keadilan, sapa sing bisa nggugat Panjenengané? |
|
| 20 |
|
| Senajan aku bener, tutukku déwé sing bakal nyalahké aku; senajan aku ora salah, Panjenengané sing bakal nyalahké aku. |
|
| 21 |
|
| Aku ora salah! Aku ora perduli awakku, aku ora ngitung uripku. |
|
| 22 |
|
| Kabèh kuwi pada waé, mulané tembungku: Wong salah lan wong ora salah loro-loroné pada ditumpes. |
|
| 23 |
|
| Yèn petyuté dadakan matèni, Piyambaké terus ngolok-olok putusané wong sing ora salah. |
|
| 24 |
|
| Bumi wis dipasrahké marang wong duraka, rèkteré ndonya ditutupi mripaté; yèn duduk Gusti Allah sing nindakké kuwi, lah sapa ta? |
|
| 25 |
|
| Playuné dina-dinané umurku banteré ngungkuli kongkonan sing playuné gelis, wis pada asat tanpa weruh kabekjan, |
|
| 26 |
|
| kaya mlakuné kapal glagah, kaya maburé manuk garuda sing nyamber memangsané. |
|
| 27 |
|
| Yèn kula nduwé tembung mengkéné: Tak lalèkké sambatku, tak buwangé enggonku mbesengut, terus dadi bungah menèh, |
|
| 28 |
|
| kula wedi marang kasusahanku kabèh, awit kula ngerti, yèn Panjenengan ora bakal nganggep kula tanpa kesalahan. |
|
| 29 |
|
| Kula mesti ditetepaké wong duraka, apa gunané kula nganti kangèlan tanpa pungkasan? |
|
| 30 |
|
| Senajan kula adusa banyu salju, lan wisuha nganggo sabun, |
|
| 31 |
|
| Panjenengan mesti mblesekké kula ing endutan, terus sandangan kula pada nganggep jijik marang kula. |
|
| 32 |
|
| Awit Panjenengané kuwi duduk manungsa kaya aku, sing kena tak kèki jawaban: Hayuk pada bareng nemoni ing ngarepé pengadilan. |
|
| 33 |
|
| Ora ana juru misah, sing numpangké tangan marang kita loro-loroné! |
|
| 34 |
|
| Terus Panjenengané nyingkirké gepuké sangka awakku, lan aku terus ora wedi ing ngarepé. |
|
| 35 |
|
| Yèn kelakon mengkono, aku ya bakal ngomong ora karo wedi marang Panjenengané, awit aku pantyèn ora ngrumangsani kesalahanku.” |
|
|
|
|