Kitab Jawa Suriname
|
| 1 |
| Duh GUSTI, kenèng apa Panjenengan ngadek ing kadohan, lan ndelik ing waktu kangèlan? |
| 2 |
| Awit gemunggungé wong duraka tenan-tenan anggèné nguber para wong sing ditindes. Supaya wong duraka kuwi kejiret karo kekarepané ala sing dirantyam. |
| 3 |
| Awit wong duraka kuwi ngegul-ngegulké kepénginan atiné, lan wong murka kuwi ngutyapké bendu lan ngèlèk-èlèkké GUSTI. |
| 4 |
| Wong duraka omongan karo nyengirké irungé: “Gusti Allah apa ora bakal nuntut!” kabèh gagasané muni: “Ora ana Gusti Allah.” |
| 5 |
| Sak mlaku-mlakuné tansah olèh-gawé, pengadilan Panjenengan keduwuren kanggo dèwèké; kabèh sing nglawan dirèmèhké. |
| 6 |
| Atiné ngomong mengkéné: “Aku ora bakal gogrok, aku ora bakal kena tyilaka nganti turun-temurun.” |
| 7 |
| Tutuké kebak sepata-sepata lan goroh lan nindes, ilaté isi ala lan nyiksa. |
| 8 |
| Wong iki ngindik-indik ing gubuk-gubuk, ing pandelikan matèni wong sing ora kesalahan, mripaté ngindik wong sing apes. |
| 9 |
| Ing pandelikan molèt-molèt, kaya singa ing grumbulan; ngindik-indik arep nubruk wong sing kasusahan, digèrèt karo jaringé. |
| 10 |
| Bungkuk, ndekem, para wong ringkih terus pada tiba ing tyengkeremané kukuné sing kuwat. |
| 11 |
| Wong iki ngomong ing njeruhné atiné: “Gusti Allah lali, praupan-Né ditutupi, mesti bakal ora weruh ing sak terusé.” |
| 12 |
| Duh GUSTI, Panjenengan supaya gelem ngadek. Duh Gusti Allah supaya gelem ngelungké tangan Panjenengan, aja nganti lali marang wong sing kasusahan. |
| 13 |
| Kenèng apa wong duraka ora ngajèni Gusti Allah, karo ngomong ing njeruhné atiné: “Gusti Allah ora nuntut.” |
| 14 |
| Panjenengan pantyèn ngerti, awit Panjenengan weruh kasusahan lan larané ati, Panjenengan njukuk ing tangan Panjenengan piyambak, wong apes njagakké Panjenengan, Panjenengan kuwi sing mitulungi botyah lola. |
| 15 |
| Tangané wong duraka lan wong ala supaya Panjenengan tugel, dosané supaya Panjenengan tuntut, nganti Panjenengan ora nemokké menèh. |
| 16 |
| GUSTI dadi Ratu sak terusé lan selawasé. Bangsa-bangsa pada entèk sangka tanah duwèké. |
| 17 |
| Duh GUSTI, kepénginané para wong sing ditindes wis Panjenengan rungokké. Atiné Panjenengan kuwatké, kuping Panjenengan ngrungokké, |
| 18 |
| perlu ngekèki kabeneran marang botyah lola lan wong sing ditindes, supaya aja nganti ana manungsa ing bumi menèh sing nggawé wedi. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/psalms/010.mp3
150
10