Kitab Jawa Suriname
|
| 1 |
| Masmuré Daved. Kula bakal ngidungké kasetian lan angger-angger, kula bakal ngidungké masmur kanggo Panjenengan, duh GUSTI. |
| 2 |
| Kula bakal nggatèkké urip sing tanpa tyiri: Mbésuk apa Panjenengan bakal nekani kula? Kula bakal urip karo ati sing resik ing omah kula. |
| 3 |
| Kula ora bakal mikir marang perkara sing ala, penggawéané wong murtad kuwi kula sengiti, perkara kuwi ora bakal kelèt marang kula. |
| 4 |
| Ati sing goroh bakal adoh sangka kula, kula ora bakal gelem kenal karo sing ala. |
| 5 |
| Wong sing rerasanan ngèlèk-èlèkké marang sak pepadané, kuwi bakal kula entèkké, wong sing gemunggung lan ngegul-ngegulké atiné, kuwi kula ora seneng. |
| 6 |
| Mripat kula mandeng marang wong sing pada setia ing negara, supaya pada manggon nunggal karo kula. Wong sing tanpa tyiri mlakuné, kuwi bakal ngladèni kula. |
| 7 |
| Wong sing mlaku lityik ora bakal manggon ing omah kula, sapa sing goroh ora bakal tetep ing ngarep kula. |
| 8 |
| Saben ésuk kula bakal numpes kabèh wong duraka, ing negara; kabèh wong sing mlaku ala, bakal kula entèkké sangka kutané GUSTI. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/psalms/101.mp3
150
101