Kitab Jawa Suriname
|
| 1 |
| Kanggo juru penyanyi. Masmuré Daved. Aku ndelik marang GUSTI, kepriyé kowé pada wani omong marang aku: “Mabura menyang gunung kaya manuk!” |
| 2 |
| Awit delengen, wong duraka pada mentèng gendéwa, panahé dipasang ing taliné gendéwa, arep dityulké marang wong sing jujur atiné ing panggonan sing peteng. |
| 3 |
| Yèn dasaré pada dibubrahi, wong bener kuwi bisa nindakké apa? |
| 4 |
| GUSTI ing kratoné sing sutyi; GUSTI damparé ing swarga; mripaté ngewasi, kedèpé mripaté mriksa anak-anaké manungsa. |
| 5 |
| GUSTI njajal wong bener lan wong duraka, lan geting marang wong duraka, sing seneng nandangi panganiaya. |
| 6 |
| Wong duraka pada diudani areng mengangah lan lirang; angin sing nggosongké ngebaki tuwungé. |
| 7 |
| Awit GUSTI kuwi adil; seneng marang keadilan: wong sing jujur atiné bakal nyawang praupan-Né. |
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/psalms/011.mp3
150
11