Kitab Jawa Suriname
|
| 1 |
| Haléluya! Rahayu wong sing ngajèni GUSTI, sing banget nyenengi marang kabèh pepakon-Né, |
| 2 |
| anak putuné bakal kuwat ing bumi, turunané wong bener bakal diberkahi, |
| 3 |
| omahé kanggonan banda lan kasugihan, lan kabetyikané tetep ing sak lawas-lawasé. |
| 4 |
| Ing sak njeruhné pepeteng wong sing bener mletèkké pepadang, trésna welasan lan adil. |
| 5 |
| Beja wong sing kanggonan welas lan nyilihké, sing ngrampungké urusané karo sak mestiné, |
| 6 |
| awit ora bakal gonjing tekan selawasé, wong sing bener kuwi bakal diélingi selawasé, |
| 7 |
| ora wedi marang kabar sing ala, atiné tatak, pertyaya banget marang GUSTI, |
| 8 |
| atiné kuwat, ora kanggonan wedi, nganti nganggep rèmèh marang para mungsuhé. |
| 9 |
| Lubèr pawèhé, marang wong mlarat, kesutyiané tetep ing sak lawas-lawasé, sunguné bakal mundak duwur ing sak njeruhné kamulyan. |
| 10 |
| Wong duraka pada weruh, terus lara atiné, nggeget untuné terus lemes; kepénginané wong duraka kuwi tumuju ing karusakan. |
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/psalms/112.mp3
150
112