Kitab Jawa Suriname
|
| 1 |
| Aku trésna marang GUSTI awit ngrungokké swaraku lan penjalukku, |
| 2 |
| kupingé Gusti ngrungokké aku, mulané sakjeku urip aku bakal nyebut marang Panjenengané. |
| 3 |
| Aku digubet karo taliné pati, lan dilawan karo rasa wedi marang ndonyané wong mati, lan ngrasakaké kangèlan lan kasusahan. |
| 4 |
| Nanging aku nyebut asmané GUSTI: “Duh GUSTI, Panjenengan supaya ngluwari kula.” |
| 5 |
| GUSTI kuwi maha trésna lan adil, Gusti Allah kita kuwi gedé kawelasan-Né. |
| 6 |
| GUSTI kuwi njaga marang wong prasaja; aku wis lemes, nanging terus dipitulungi karo Panjenengané. |
| 7 |
| Duh nyawaku, dadia ayem menèh, awit GUSTI wis ngapiki marang kowé. |
| 8 |
| Ya, Panjenengan wis ngluwari kula sangka pati, lan mripat kula sangka luh, lan taler kula sangka sandungan. |
| 9 |
| Aku dililani mlaku ing ngarepé GUSTI, ing negarané wong urip. |
| 10 |
| Aku pertyaya, senajan nduwé tembung: “Banget temen enggonku ditindes.” |
| 11 |
| Ing sak njeruhné kebingunganku aku ngomong: “Manungsa kuwi pada goroh kabèh.” |
| 12 |
| Apa sing tak nggawé balesan marang GUSTI, kanggo sak kabèhé katrésnan-Né marang aku? |
| 13 |
| Aku arep ngangkat tuwungé keslametan lan arep nyebut asmané GUSTI, |
| 14 |
| arep ngluwari janjiku marang GUSTI ing ngarepé umat Panjenengan kabèh. |
| 15 |
| Patiné para katrésnan-Né kuwi larang regané ing ngarepé GUSTI. |
| 16 |
| Duh GUSTI, kula kuwi abdi Panjenengan, ya tenan abdi Panjenengan, anaké abdi wadon Panjenengan; Panjenengan sing wis ngutyuli tali-banda kula. |
| 17 |
| Kula bakal pasrah kurban maturkesuwun marang Panjenengan. Lan bakal nyebut asmané GUSTI. |
| 18 |
| Tak bayar janjiku marang GUSTI ing ngarepé umat Panjenengan kabèh, |
| 19 |
| ing platarané griyané GUSTI, ing sak tengahmu, hé Yérusalèm! Haléluya! |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/psalms/116.mp3
150
116