Kitab Jawa Suriname
|
| 1 |
| Kanggo juru penyanyi. Miturut nyanyian: Sing kaping wolu. Masmuré Daved. |
| 2 |
| Duh GUSTI supaya gelem ngekèki pitulungan, awit wis ora ana wong bener, wong setia wis entèk sangka antarané anak-anaké manungsa. |
| 3 |
| Rembukané pada apus-apusan, omongané nganggo lambé lamis, nganggo ati rangkep. |
| 4 |
| Supaya Gusti numpes kabèh lambé lamis lan ilat sing umuk-umukan, |
| 5 |
| ya kuwi sing pada ngomong mengkéné: “Karo ilat kita, kita pada menang! Lambé kita sing ngréwangi kita! Sapa sing mréntah kita?” |
| 6 |
| Jalaran wong sing ringkih pada ditindes, lan awit sangka sambaté para wong mlarat Aku saiki tangi, mengkono tembungé GUSTI, lan mitulungi wong sing banget enggoné ngarep-arep marang pitulungan. |
| 7 |
| Tembungé GUSTI kuwi pitutur-pitutur sing murni, kaya slaka sing diobong, diresiki dibalèni kaping pitu ing pawon obongan lemah. |
| 8 |
| Duh GUSTI, Panjenengan bakal netepi, kula tansah bakal Panjenengan ayomi, Panjenengan owalké sangka golongan turunan kuwi. |
| 9 |
| Para wong duraka pada mblayu mbrana-mbréné, Ing waktu pikiran ala njedul ing sak tengahé anak-anaké manungsa. |
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/psalms/012.mp3
150
12