Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| Kidung jiyarah. Sajroning karubedan aku sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur disembadani: |
| 2 |
| “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula saking lambe ingkang cidra, saking ilat ingkang dora-cara.” |
| 3 |
| Apa kang bakal diparingake marang kowe, sarta kowe diparingi tambahan apa, he ilat kang dora-cara? |
| 4 |
| Panahe prawira kang landhep, tuwin mawane kayu arar. |
| 5 |
| Cilaka aku amarga kudu manggon kaya wong manca, kaya wong ngamanca ana ing tanah Mesekh, awit kudu manggon ana ing antarane kemahe bangsa Kedar! |
| 6 |
| Wus cukup suwe pamanggonku awor karo wong kang padha sengit marang karukunan. |
| 7 |
| Aku iki dhemen rukun, nanging saben ana pangucapku, wong ing kono banjur padha ngajak perang. |
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/psalms/120.mp3
150
120