Kitab Jawa Suriname
|
| 1 |
| Kidung jiyarah masmuré Daved. Yèn duduk GUSTI déwé sing mbélani kita, - kaya mengkono tembungé Israèl, - |
| 2 |
| yèn duduk GUSTI déwé sing mbélani kita, waktu wong pada ngadek nglawan kita, |
| 3 |
| kita mesti wis pada diuntal urip-uripan, waktu wong kuwi mulat-mulat nesuné marang kita; |
| 4 |
| kita terus kéntér ing banyu, kita wis pada kelep ing kali; |
| 5 |
| iliné banyu sing lubèr sing molak-malik kuwi wis nutupi kita. |
| 6 |
| Pinujia GUSTI sing ora ngelungké kita dadi pangané untuné wong-wong mau! |
| 7 |
| Nyawa kita pada bisa utyul kaya manuk, sing utyul sangka jireté wong mikat, rantas jireté, kita terus utyul. |
| 8 |
| Pitulungan kita kuwi ing asmané GUSTI, sing nggawé langit lan bumi. |
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/psalms/124.mp3
150
124