Kitab Jawa Suriname
|
| 1 |
| Ing pinggir kali Babèl kita pada ndéprok karo nangis, yèn kita kèlingan kuta Sion. |
| 2 |
| Siter kita pada kita tyantolké ing wit gandurasa ing kono. |
| 3 |
| Awit ing kono wong-wong sing pada nyekel kita, njaluk supaya kita pada nggawé kidungan, lan wong sing nyiksa kita kuwi pada njaluk kidung kabungahan: “Kita pada dikidungké, kidungé sangka Sion.” |
| 4 |
| Kepriyé bisané pada nggawé kidungé GUSTI ing negara mantya? |
| 5 |
| Yèn aku lali marang kowé, hé Yérusalèm, garinga tanganku tengen! |
| 6 |
| Ilatku kelèta ing tyetak, yèn aku ora tetep éling marang kowé, lan yèn Yérusalèm ora ndadèkké makutané kebungahanku? |
| 7 |
| Duh GUSTI, Panjenengan supaya éling turunané Edom, ing dina kasusahané Yérusalèm ngomong: “Gempuren, gempuren tekan dasaré pisan!” |
| 8 |
| Hé anak wadoné Babèl, sing seneng nglarani, rahayu wong sing nindakké balesan marang kowé, kanggo penggawé sing kok tindakké marang kita! |
| 9 |
| Rahayu wong sing pada nyekeli anak-anakmu, terus pada dibantingi ing watu. |
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/psalms/137.mp3
150
137