1
Kanggo juru penyanyi. Masmuré Daved. Duh GUSTI, Panjenengan sing njajaki lan weruh kula.
2
Kula lungguh utawa ngadek Panjenengan weruh, Panjenengan ngerti obahé ati kula sangka kadohan.
3
Panjenengan weruh yèn kula mlaku utawa ngasuh, lan sak mlaku kula Panjenengan ngertèni.
4
Awit sak durungé ilat kula ngetokké tetembungan, sakjané Panjenengan wis weruh kuwi kabèh, duh GUSTI.
5
Panjenengan ngurung kula sangka mburi lan sangka ngarep, lan tangan-Mu tansah Panjenengan tumpangké ing kula.
6
Kaweruh sing mengkéné kuwi kliwat karo nggumunaké kanggo kula, duwuré nganti ora kenèng kula gayuh.
7
Menyang ngendi enggèn kula lunga ngedohi Roh-Mu, menyang ngendi enggèn kula mlayu ngedohi ngarep-Mu?
8
Yèn kula munggah menyang langit, Panjenengan ing kana, yèn kula nggelar ambèn kula ing ndonyané wong mati, Panjenengan ya ing kono.
9
Yèn kula mabur nganggo swiwiné ésuké wétan, lan manggona ing pojokané segara,
10
uga ing kono kula ketuntun karo tangan-Mu, lan digawa karo tangan-Mu tengen.
11
Yèn kula ngomonga: “Awakku dikebaki karo pepeteng lan pepadang ing sak ubengku dadia mbengi,”
12
pepeteng iki ora nggawé peteng ing mripat-Mu, wengi ya dadi padang kaya awan, pepeteng pada kaya pepadang.
13
Awit Panjenengan piyambak sing nggawé ginjel kula, Panjenengan sing nenun kula ing wetengé ibu kula.
14
Kula matur kesuwun marang Panjenengan awit nggumunké lan ngidap-idapi kedadian kula, penggawéan-Mu kuwi nggumunaké, nyawa kula banget anggèné ngrumangsani bab kuwi.
15
Balung-balung kula ora ana sing ketutupan ing ngarep-Mu, waktu kula digawé ing pandelikan, lan digawé ing telengé bumi.
16
Mripat Panjenengan weruh kula, waktu kula ijik ing weteng, kabèh kuwi wis pada ditulis ing kitab-Mu, dina-dina sing bakal dianakké, waktu siji waé durung ana.
17
Duh Gusti Allah, tenan angèlé pikiran-Mu kuwi, tenan okèh banget gunggungé!
18
Yèn bakal kula itung gunggungé ngliwati tyatyahé wedi; yèn kula mandek, jebul kula ijik ing ngarep-Mu.
19
Duh Gusti Allah, wong duraka supaya Panjenengan entèkké, wong sing seneng ngutahké getih, supaya pada minggira sangka kula,
20
sing pada ora ngajèni Panjenengan, lan sing tanpa nggawé anggèné pada nglawan marang Panjenengan.
21
Duh GUSTI, wong sing pada sengit marang Panjenengan, apa ora kula sengiti, lan apa kula ora jelèh marang wong sing pada nglawan marang Panjenengan?
22
Pantyèn pada kula sengiti wong-wong kuwi, pada dadi satru kula.
23
Duh Gusti Allah, kula supaya Panjenengan jaga lan ati kula supaya Panjenengan ngertèni, kula supaya Panjenengan dadar lan Panjenengan supaya weruh angen-angené kula.
24
Panjenengan supaya mriksa, apa mlaku kula nyimpang, lan gelem nuntun kula ing dalan sing langgeng!
Javanese Bible KJS17
Tèks Surinaams Bijbelgenootschap 2018