Kitab Jawa Suriname
|
| 1 |
| Masmuré Daved. Duh GUSTI, kula sambat marang Panjenengan, kula supaya Panjenengan tekani, supaya ngrungokké swara kula yèn kula sambat marang Panjenengan. |
| 2 |
| Pandonga kula supaya dadia kaya kurban dupa wangi kanggo Panjenengan, lan tangan kula sing kula unggahké dadia kaya pisungsung kurban ing wantyi soré. |
| 3 |
| Duh GUSTI, Panjenengan supaya ngawat-awati tutuk kula, lawangé lambé kula supaya Panjenengan jaga. |
| 4 |
| Ati kula supaya aja Panjenengan tujokké marang ala, supaya aja nganti nindakké penggawé sing duraka, bareng karo wong sing nandangi ala, lan kula aja nganti ngrasaké pangané sing énak-énak. |
| 5 |
| Yèn wong bener nggepuk kula, kuwi katrésnan; lan yèn ngukum aku, dadi balsem ing sirah kula. Tenan kula tansah ndedonga nglawan penggawéané wong ala. |
| 6 |
| Yèn wong-wong iki dipasrahké marang para rèkter, mesti bakal krungu, yèn tembung kula kuwi betyik. |
| 7 |
| Kaya watu sing disigar lan diremuk ing lemah, mengkono uga balung-balungé pada pating slebar ing bolongané ndonyané wong mati. |
| 8 |
| Awit GUSTI, Gusti Allah kula, mripat kula nyawang marang Panjenengan, kula ndelik marang Panjenengan, Panjenengan aja nganti mbanting kula. |
| 9 |
| Panjenengan supaya gelem ngayomi kula aja nganti kenèng karo jiret, sing dipasang kanggo kula, karo jireté wong sing nindakké ala. |
| 10 |
| Wong duraka pada bakal tiba bareng karo jaringé déwé, nanging kula bisa ngontyati. |
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/psalms/141.mp3
150
141