Paduka mugi sampun ngantos prakawisan kaliyan abdi Paduka punika, awit ing antawisipun tiyang gesang boten wonten ingkang pinanggih leres wonten ing ngarsa Paduka.
Awitdene satru sampun ngoyak-oyak kawula sarta ngeplekaken nyawa kawula ing siti, nglebetaken kawula dhateng ing pepeteng kados tiyang ingkang sampun pejah lami.
Kawula kengetan dhateng dinten-dinten ing jaman kina, kawula ngraos-ngraosaken dhateng sadaya pakaryan Paduka, kawula manah-manah dhateng pakaryanipun asta Paduka.
Dhuh Yehuwah, Paduka mugi enggal karsaa paring wangsulan dhumateng kawula, semangat kawula sampun telas! Paduka mugi sampun nyingidaken wadana Paduka saking kawula, ngantos kawula kados tiyang-tiyang ingkang sami mandhap dhateng ing kubur.
Kawula mugi Paduka wulang nglampahi karsa Paduka, awit Paduka punika Gusti Allah kawula! Roh Paduka ingkang sae mugi nuntuna lampah kawula wonten ing siti ingkang wradin.
Satru kawula mugi sami Paduka tumpes demi sih-susetya Paduka, saha sakathahipun tiyang ingkang ngrubedi kawula mugi Paduka sirnakaken, awitdene kawula punika abdi Paduka.