×

Kitab Jawa Suriname

JABUR 143

1
Masmuré Daved. Duh GUSTI, Panjenengan supaya gelem ngrungokké pandonga kula, sambat kula supaya Panjenengan rungokké! Supaya gelem nuruti penjaluk kula ing njeruhné kasetian lan keadilan-Mu!
2
Panjenengan supaya aja nganti perkaran karo abdi-Mu iki, awit ing antarané wong urip ora ana sing ditemokké bener ing ngarep-Mu.
3
Awit satru wis ngoyak-oyak kula lan ngeplèkké nyawa kula ing lemah, nglebokké kula ing pepeteng kaya wong sing wis mati suwé.
4
Nyawa kula semplak, lemes ing batin kula, ati kula delek-delek ing awak kula.
5
Kula kèlingan marang dina-dina ing jaman mbiyèn, kula ngrasak-ngrasakké marang kabèh penggawéan-Mu, kula mikir-mikir marang penggawéané tangan-Mu.
6
Kula megarké tangan kula marang Panjenengan, nyawa kula ngelak marang Panjenengan kaya lemah sing garing.
7
Duh GUSTI, Panjenengan supaya gelis nyauri marang kula, semangat kula wis entèk! Panjenengan supaya aja ndelikké praupan-Mu sangka kula, nganti kula kaya wong-wong sing pada medun menyang kubur.
8
Kula ing wantyi ésuk supaya krungu kawelasan-Mu, awit kula pertyaya marang Panjenengan! Kula supaya Panjenengan duduhké dalan sing kudu kula liwati, awit nyawa kula, kula angkat marang Panjenengan.
9
Duh GUSTI, kula supaya Panjenengan owalké sangka satru-satru kula, kula ngayom marang Panjenengan.
10
Kula supaya Panjenengan wulangi nandangi karep-Mu, awit Panjenengan kuwi Gusti Allah kula! Rohé Panjenengan sing apik supaya nuntun mlaku kula ing lemah sing rata.
11
Duh GUSTI, kula supaya Panjenengan uripké awit sangka asma-Mu, nyawa kula supaya Panjenengan entaské sangka kangèlan awit keadilan-Mu.
12
Satru kula supaya pada Panjenengan tumpes awit kawelasan-Mu, lan kabèh wong sing ngangèlké kula supaya Panjenengan entèkké, awit kula kuwi abdi-Mu.
Javanese Bible KJS17
Tèks Surinaams Bijbelgenootschap 2018
:
Simpen Cathetan