×

Kitab Jawa Suriname

JABUR 16

1
Miktam. Masmuré Daved. Duh Gusti Allah, Panjenengan supaya gelem njaga kula, awit kula ndelik marang Panjenengan.
2
Tembungku marang GUSTI mengkéné: “Panjenengan kuwi Gusti kula, kanggo kula ora ana sing apik kejaba Panjenengan.”
3
Para sutyi ing tanah kéné, kuwi wong mulya sing tansah dadi kebungahan kula.
4
Wong sing nyembah allah liyané kuwi kasusahané mundak gedé; kurbané ngesokné getih, kula ora mèlu masrahaké; jenengé uga ora kula omongké ing lambé kula.
5
Duh GUSTI, Panjenengan sing dadi panduman warisan lan tuwung kula. Panjenengan piyambak sing ndadèkké panduman sing dilotré marang kula bisa lestari.
6
Tibané tali kanggo ngukur sing kanggo kula ing panggonan sing nyenengké; lemah panduman kula nyenengké ati kula.
7
Aku ngelem-elem marang GUSTI, sing ngekèki pinuntun marang aku; malah ing wayah mbengi pikirané atiku mulangi aku.
8
Aku tansah madep marang GUSTI, yèn Panjenengané ngadek ing tengenku, aku mesti ora nganti gloyoran.
9
Mulané atiku bungah-bungah lan nyawaku surak-surak, malah dagingku bakal manggon karo tentrem.
10
Awit Panjenengan ora masrahaké kula ing panggonané wong mati; Panjenengan ora nglilani yèn katrésnan Panjenengan nganti weruh kuburan.
11
Panjenengan sing nduduhké dalané urip marang kula; kebungahan ditemokké lubèr ing ngarepé Panjenengan; ing tangan Panjenengan sing tengen ana sing énak sing langgeng.
Javanese Bible KJS17
Tèks Surinaams Bijbelgenootschap 2018
:
Simpen Cathetan