Kitab Jawa Suriname
|
| 1 |
| Pandongané Daved. Duh GUSTI, supaya gelem ngrungokké marang perkara sing bener, supaya gelem nggatèkké marang sambat kula; lan supaya gelem ngrungokké marang pandonga kula, sangka lambé sing ora goroh. |
| 2 |
| Supaya kula olèh keadilan sangka Panjenengan: mripat Panjenengan supaya weruh apa sing bener. |
| 3 |
| Yèn Panjenengan nguji marang ati kula, tlitinen kula ing wantyi wengi, lan nitipriksa kula Panjenengan ora bakal nemokké sing ala, ing tutuk kula ora ana panerak. |
| 4 |
| Tegesé penggawéané wong, miturut pitutur-pitutur sing Panjenengan omongaké, kula ora mèlu-mèlu karo tandangé wong sing pada nglakoni duraka; |
| 5 |
| mlaku kula tetep mèlu mlakuné Panjenengan lan sikil kula ora gloyoran. |
| 6 |
| Kula nyebut marang Panjenengan, awit Panjenengan nyauri kula, duh Gusti Allah; supaya Panjenengan gelem mbukakké kuping Panjenengan marang kula supaya gelem ngrungokké tembung kula. |
| 7 |
| Supaya Panjenengan gelem ngétokké kawelasan Panjenengan sing nggumunaké, Panjenengan sing ngluwari wong sing pada ndelik ing pangayomané tangan Panjenengan sing tengen awit sangka anané para wong sing pada mbruntak. |
| 8 |
| Supaya kula dirumati Panjenengan kaya irengé mripat, lan Panjenengan delikké ing swiwi Panjenengan: |
| 9 |
| awit ana wong duraka sing pada ngupaya marang karusakan kula, ya satru bebuyutan sing pada ngepung kula. |
| 10 |
| Wong iki pada ora ngétokké kawelasan, pada ngumbar gemunggungé; |
| 11 |
| wong pada mèlu ing jangkah-jangkah kula, saiki pada ngrubung kula, mripaté ngupaya arep nglelepké kula ing bumi. |
| 12 |
| Rupané kaya singa sing bakal ndekep, kaya singa nom sing ndekem ing delikané. |
| 13 |
| Duh GUSTI supaya gelem ngadek, gelem metuki wong-wong iki lan Panjenengan ambruké, Panjenengan supaya gelem ngluwari kula sangka wong duraka karo pedang Panjenengan. |
| 14 |
| Duh GUSTI, Panjenengan supaya gelem ngluwari kula karo tangan-Mu, sangka wong-wong kadonyan kuwi sing pandumané ing urip saiki, wetengé warekana karo simpenan Panjenengan, terus anaké pada warek, lan turahané ditinggalké marang bayi-bayiné. |
| 15 |
| Nanging kula, bakal nyawang praupan Panjenengan ing njeruhné kabeneran; lan ing tanginé kula, kula bakal warek karo praupan Panjenengan. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/psalms/017.mp3
150
17