Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| Geneya para bangsa padha mampang-mampang wringuten, lan para suku bangsa padha ngangen-angen kang tanpa guna? |
| 2 |
| Para raja ing bumi padha siyaga ing perang lan para panggedhe sakuthon arep ngayoni Sang Yehuwah lan Sang Jebadane, pangucape: |
| 3 |
| “Payo padha medhot dhadhunge lan mbuwang kendharate.” |
| 4 |
| Panjenengane kang lenggah ana ing swarga iku gumujeng, Sang Yehuwah moyoki wong-wong mau. |
| 5 |
| Nuli padha didhawuhi kalawan bendu lan digirisake kalawan bramantyane: |
| 6 |
| “Ingsun kang wus ngadegake ratuningSun ana ing Sion, gunungingSun kang suci.” |
| 7 |
| Aku arep ngandhakake kekancingane Sang Yehuwah; pangandikane marang aku: “Sira iku putraningSun! Ingsun kang mutrakake Sira ing dina iki. |
| 8 |
| Sira nyenyuwuna marang Ingsun, mesthi Sira Sunparingi para bangsa dadi pusakanira, lan pungkasaning bumi dadi darbekira. |
| 9 |
| Iku bakal Sira ejur kalawan gada wesi, bakal Sira remuk kaya grabahing kundhi.” |
| 10 |
| Mulane, he para raja, padha tumindaka kang wicaksana; para hakim ing bumi, padha ngrungokna marang pepeling! |
| 11 |
| Padha ngabektia marang Sang Yehuwah kanthi pakering; lan sungkemana sampeyane kanthi gumeter, |
| 12 |
| supaya Panjenengane aja paring deduka, temah kowe tumpes ana ing dedalan, amarga bebendune gampang banget anggone mulad-mulad. Rahayu sakehing wong kang ngungsi marang Panjenengane! |
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/psalms/002.mp3
150
2