Kitab Jawa Suriname
|
| 1 |
| Masmuré Daved. Duh GUSTI, nyawa kula, kula angkat ing ngarep Panjenengan. |
| 2 |
| Duh Gusti Allah kula, kula pertyaya marang Panjenengan, supaya kula aja nganti ngalami kisinan; mungsuh kula aja nganti pada bungah-bungah awit sangka kula. |
| 3 |
| Tenan, wong sing njagakké marang Panjenengan kuwi, mesti ora kewirangan; nanging wong sing nandangi goroh tanpa sebab kuwi olèh kisinan. |
| 4 |
| Duh GUSTI, kula supaya Panjenengan kèki weruh bab dalan Panjenengan, lan gelem nduduhké dalan Panjenengan. |
| 5 |
| Mlaku kula supaya Panjenengan tuntun ing kabeneran Panjenengan, lan Panjenengan supaya wulangi kula, awit Panjenengan kuwi Gusti Allah sing ngekèki keslametan marang kula; Panjenengan sing kula entèn-entèni sedina muput. |
| 6 |
| Duh GUSTI, Panjenengan supaya éling marang kawelasané lan katrésnan Panjenengan, awit kuwi kabèh wis ana wiwit ing jaman mbiyèn mula. |
| 7 |
| Panjenengan supaya aja éling marang dosa kula waktu ijik nom lan marang duraka kula, nanging supaya Panjenengan gelem éling marang kula miturut kawelasan Panjenengan, awit mung sangka kawelasané Panjenengan, duh GUSTI. |
| 8 |
| GUSTI kuwi betyik lan adil, mulané wong sing kesasar pada diduduhi dalan. |
| 9 |
| Wong sing andap asor atiné pada dituntun mlakuné ing kabeneran, wong sing andap asor atiné pada diduduhi dalané. |
| 10 |
| Kabèh dalané GUSTI kuwi katrésnan, kasetian lan kabeneran kanggo wong sing pada netepi perjanjian lan pepélingé. |
| 11 |
| Awit sangka asma Panjenengan, duh GUSTI, supaya gelem ngapura kesalahan kula, awit kesalahan kula gedé. |
| 12 |
| Sapa sing wedi marang GUSTI? Kuwi mesti diduduhi dalan sing kudu dipilih. |
| 13 |
| Wong kuwi déwé bakal tetep ing kabekjan, lan turunané bakal olèh warisan ing bumi. |
| 14 |
| GUSTI sesrawungan tyedak karo wong sing pada wedi marang Panjenengané, lan kuwi pada dikèki weruh bab perjanjiané. |
| 15 |
| Mripatku tansah nyawang marang GUSTI, awit Panjenengané bakal nylametaké sikilku sangka jiret. |
| 16 |
| Panjenengan supaya gelem weruh lan melasi kula, awit kula kepentyil lan kasusahan. |
| 17 |
| Panjenengan supaya gelem nglunggarké ati kula sing kangèlan iki, supaya gelem ngluwari kula sangka kangèlan kula! |
| 18 |
| Panjenengan supaya gelem weruh kasangsarané lan kangèlan kula, lan kabèh dosa kula supaya dingapura. |
| 19 |
| Panjenengan supaya gelem weruh mungsuh kula, nanging okèh banget, lan gedéné sengité banget marang kula. |
| 20 |
| Nyawa kula supaya Panjenengan rumat lan supaya gelem ngluwari kula, aja nganti kula olèh kewirangan, awit kula ndelik marang Panjenengan. |
| 21 |
| Kula supaya dituntun ing ketulusan lan kejujuran, awit Panjenengan sing kula entèn-entèni. |
| 22 |
| Duh Gusti Allah, Panjenengan supaya gelem ngluwari Israèl sangka kabèh kerépotané. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/psalms/025.mp3
150
25