Kitab Jawa Suriname
|
| 1 |
| Masmuré Daved. GUSTI sing dadi pepadangku lan keslametanku, sapa sing tak wedèni? GUSTI sing dadi bèntèngé uripku, sapa sing ndadèkké aku gemeter? |
| 2 |
| Waktu para wong duraka pada nyerang marang aku arep mangan dagingku, ya kuwi kabèh satruku lan mungsuhku terus pada kejengklok lan tiba. |
| 3 |
| Senajan okèh suradadu sing pada ngedekké tarup ngepung aku, atiku ora wedi, senajan teka peperangan, atiku tetep pertyaya. |
| 4 |
| Sak perkara sing tak jaluk marang GUSTI, ya kuwi sing tak pingini supaya bisa manggon ing griyané GUSTI ing selawasé uripku, nyawang kabetyikané GUSTI lan ngrasakaké énaké ing griya sutyi-Né. |
| 5 |
| Awit Gusti ngayomi aku ing tarupé, yèn ana bebaya; ngaling-alingi aku ing panggonan sing ndelik ing sak njeruhné tarupé. Panjenengané mernahké aku ing sak nduwuré watu. |
| 6 |
| Saiki sirahku jejek, ngungkuli mungsuh sing ngepung aku; ing tarupé aku bakal masrahaké kurban maturkesuwun karo surak-surak; aku arep ngidung lan nggawé masmur kanggo GUSTI. |
| 7 |
| Duh GUSTI, supaya gelem ngrungokké sambat kula sing kula omongké, supaya Panjenengan gelem melasi kula lan kula supaya disauri! |
| 8 |
| Ati kula mèlu marang tembungé Panjenengan: “Kowé nggolèkana praupan-Ku.” Praupan Panjenengan ya terus kula golèki, duh GUSTI. |
| 9 |
| Panjenengan supaya aja nutupi praupan Panjenengan marang kula, Panjenengan aja nampik abdi Panjenengan karo bebendu; Panjenengan kuwi pitulungan kula, kula supaya aja Panjenengan tampik lan Panjenengan tinggal, duh Gusti Allah, Juruslamet kula! |
| 10 |
| Senajan bapak ibu kula ninggalké kula, nanging GUSTI sing mupu kula. |
| 11 |
| Duh GUSTI, kula supaya Panjenengan kèki pinuntun bab dalan Panjenengan, lan mlaku kula dituntun ing dalan sing rata awit sangka anané mungsuh kula. |
| 12 |
| Kula aja Panjenengan pasrahaké marang hawa nesuné satru kula, awit wis ana seksi-seksi goroh sing pada nglawan kula, karo wong-wong sing kanggonan ambekan bakal nindakké duraka. |
| 13 |
| Tenan aku ngandel yèn bakal weruh kabetyikané GUSTI ing buminé wong urip! |
| 14 |
| Pada ngarep-arepa marang GUSTI! Pada kuwata lan sing tatak atimu! Pada ngarep-arepa marang GUSTI! |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/psalms/027.mp3
150
27