Kitab Jawa Suriname
|
| 1 |
| Masmuré Daved. Duh GUSTI gunung watuku, kula sambat marang Panjenengan, supaya aja ngenengké kula, awit yèn Panjenengan ngenengké kula, kula terus kaya wong sing medun menyang kuburan. |
| 2 |
| Panjenengan supaya gelem ngrungokké swarané penjaluk kula, yèn kula sambat marang Panjenengan njaluk tulung, lan ngangkat tangan kula nuju marang panggonan Panjenengan sing Mahasutyi. |
| 3 |
| Kula aja nganti Panjenengan sèrèt bareng karo wong duraka, utawa sing nandangi ala, sing grapyak apik marang sak pepadané, nanging atiné kebak ala. |
| 4 |
| Kuwi supaya pada Panjenengan wales pada karo penggawéané, lan miturut tumindakké sing ala; supaya Panjenengan bales tyotyok karo penggawéané tangané lan tibanana balesan apa sing ditindakké kuwi. |
| 5 |
| Awit pada ora nggatèkké marang penggawéané GUSTI, lan apa sing ditindakké karo tangané, mulané bakal pada ditibakké lan ora ditangèkké menèh. |
| 6 |
| Pinujia GUSTI, awit wis ngrungokké swarané sambatku. |
| 7 |
| GUSTI kuwi kekuwatanku lan tamèngku, atiku pertyaya marang Panjenengané. Aku wis ditulungi, mulané atiku bungah-bungah, lan aku mujèkaké maturkesuwun marang Panjenengané karo kidungan. |
| 8 |
| GUSTI kuwi dadi kekuwatané umaté, Panjenengané dadi bèntèng keslametan kanggo wong sing dijebatani! |
| 9 |
| Panjenengan supaya gelem ngluwari umat Panjenengan, lan gelem mberkahi duwèké Panjenengan déwé, supaya Panjenengan engon lan Panjenengan panggul ing sak lawas-lawasé. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/psalms/028.mp3
150
28