×

Kitab Jawa Suriname

JABUR 30

1
Masmur. Kidung kanggo nyutyèkké Griya Sutyi. Masmuré Daved.
2
Duh GUSTI, Panjenengan bakal kula luhurké, awit Panjenengan wis ngentasaké kula, lan ora nglilani yèn mungsuh kula pada bungah awit sangka kula.
3
Duh GUSTI, Gusti Allah kula, kula sambat njaluk tulung marang Panjenengan, terus Panjenengan waraské.
4
Duh GUSTI, Panjenengan wis ngentasaké nyawa kula sangka panggonané wong mati, Panjenengan nguripké kula ing antarané wong-wong sing wis mlebu ing kubur.
5
Pada ngidunga masmur kanggo GUSTI, hé para wong sing ditrésnani, lan pada masrahna maturkesuwun marang asmané sing sutyi!
6
Awit bebenduné mung sedilut, nanging kawelasané tetep ing selawasé urip; ing wayah mbengi ana tangisan, ing wayah ngarepké ésuk krungu surak-surak.
7
Ing njeruhné kebungahan kula, tembungé ati kula: “Aku ora bakal gloyoran selawasé!”
8
Duh GUSTI, awit sangka enggèn Panjenengan seneng, kula wis Panjenengan panggonaké ing sak nduwuré gunung sing kuwat; nanging bareng Panjenengan nutupi praupan Panjenengan, kula kagèt.
9
Kula ngomong banter marang Panjenengan, duh GUSTI, lan kula ndedonga marang Gusti:
10
“Apa gunané yèn getih kula kutah, yèn kula medun ing kubur? Apa lebu bisa masrahké maturkesuwun marang Panjenengan lan ngabaraké kasetian Panjenengan?
11
Duh GUSTI, Panjenengan supaya ngrungokké lan melasi kula, duh GUSTI, Panjenengan supaya gelem ngadek dadi juru penulung kula!”
12
Kula sing sambat Panjenengan malihké dadi wong sing jejogètan, salin kasusahan kula Panjenengan bukak, kula terus Panjenengan sabuki karo kebungahan,
13
supaya nyawa kula ngidungké masmur kanggo Panjenengan lan aja nganti meneng waé. Duh GUSTI, Gusti Allah kula, kula bakal ngidungké maturkesuwun marang Panjenengan ing sak lawasé.
Javanese Bible KJS17
Tèks Surinaams Bijbelgenootschap 2018
:
Simpen Cathetan