Kitab Jawa Suriname
|
| 1 |
| Kanggo juru penyanyi. Masmuré Daved. |
| 2 |
| Duh GUSTI, kula ndelik marang Panjenengan, kula supaya aja nganti ngalami kewirangan. Supaya Panjenengan ngentasaké kula awit keadilan Panjenengan, |
| 3 |
| Panjenengan supaya ngrungokna marang kula, gelem gelis nyauri! Panjenengan supaya gelem dadi gunung watu panggonan pengayoman kula, bèntèng kekuwatan sing mitulungi kula! |
| 4 |
| Awit Panjenengan kuwi gunung watu lan bèntèng kula, kula bakal Panjenengan gandèng lan Panjenengan tuntun awit sangka asma Panjenengan. |
| 5 |
| Panjenengan bakal ngluwari kula sangka jiret, sing dipasang karo wong kanggo kula, awit Panjenengan sing dadi pangungsèn kula. |
| 6 |
| Nyawa kula, kula pasrahké ing tangan Panjenengan; duh GUSTI, Gusti Allah sing setia tuhu, Panjenengan sing ngluwari kula. |
| 7 |
| Panjenengan sengit marang wong sing nyembah marang brahala sing tanpa guna, nanging kula pertyaya marang GUSTI. |
| 8 |
| Kula bakal surak-surak kebungahan awit kawelasan Panjenengan, awit Panjenengan weruh kangèlan kula lan ndelok karepotané nyawa kula, |
| 9 |
| lan Panjenengan ora masrahaké kula ing tangané mungsuh, nanging Panjenengan kuwatké mlakuné sikil kula ing lemah sing jembar. |
| 10 |
| Duh GUSTI, supaya kula Panjenengan welasi, awit kula rumangsa susah; mripat, nyawa lan awak kula nglemprek awit susah. |
| 11 |
| Awit urip kula dipangan karo kasusahan lan tauné umur kula pada entèk karo sambat nggresah; kekuwatan kula suda awit sangka kasangsarané kula, lan balung kula pada gapuk. |
| 12 |
| Kula dadi omongané mungsuh kula, lan njalari wediné para tangga teparo kula, apa uga nggawé kagèté para kantya kula; wong sing pada ngerti kula ing dalan, terus pada mblayu. |
| 13 |
| Kula wis ilang sangka pengéling-éling kaya wong mati, kahanané kula kaya barang sing wis petyah. |
| 14 |
| Awit kula krungu wong okèh pada bisik-bisikan, - kula dikepung karo rasa wedi - pada komplotan bakal nglawan marang kula, arep njabut nyawa kula. |
| 15 |
| Nanging kula pertyaya marang Panjenengan, duh GUSTI, kula ngomong: “Panjenengan kuwi Gusti Allah kula!” |
| 16 |
| Urip kula kuwi ing tangan Panjenengan, Panjenengan supaya gelem ngutyuli kula sangka tangané para satru kula lan wong sing pada ngoyak-oyak kula! |
| 17 |
| Praupan Panjenengan supaya madangi abdi Panjenengan, slametké kula awit sangka kawelasan Panjenengan! |
| 18 |
| Duh GUSTI, kula supaya aja nganti Panjenengan tégakké ing sak njeruhné ngalami kewirangan, awit kula nyebut marang Panjenengan; wong duraka kuwi ya bèn pada ngalami kewirangan meduna menyang panggonané wong mati karo meneng. |
| 19 |
| Kabèh lambé goroh ya bèn dadi bisu, sing ngèlèk-èlèk marang wong jujur karo kemetak lan nyepatani! |
| 20 |
| Tenan lubèr kabetyikan Panjenengan sing dityawiské marang wong sing ngajèni Panjenengan, sing wis Panjenengan tindakké marang wong sing pada ndelik marang Panjenengan, ing ngarepé manungsa! |
| 21 |
| Kuwi pada Panjenengan delikké ing pangayomané praupan Panjenengan, awit sangka anané komplotané wong; pada Panjenengan ayomi ing tarupé supaya utyul sangka tuduhané ilat okèh. |
| 22 |
| Pinujia GUSTI, awit katrésnané diduduhké marang aku karo tyara sing nggumunaké waktu aku katekan ing kangèlan! |
| 23 |
| Awit sangka bingung kula, kula ngira: “Kula wis kebuwang sangka mripat Panjenengan.” Nanging waktu kula sambat marang Panjenengan, Panjenengan terus nuruti marang sambat kula. |
| 24 |
| Hé sak kabèhé para katrésnané Gusti, pada trésnaa marang GUSTI! GUSTI njaga para wong sing setia, nanging sing gemunggung diwales tenan. |
| 25 |
| Kabèh wong sing ngarep-arep marang GUSTI, pada sing kuwat lan sing kendel atimu! |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/psalms/031.mp3
150
31