×

Kitab Jawa Suriname

JABUR 32

1
Masmuré Daved. Kidung piwulang. Rahayu wong sing dingapura paneraké, sing dosané ditutupi!
2
Rahayu wong sing dosané ora diitung karo GUSTI, lan sing atiné ora kanggonan goroh!
3
Sak suwéné kula meneng, balung kula pada dadi gapuk ing njeruhné sambat kula sedina muput;
4
awit awan wengi tangan-Mu abot menet marang kula sungsum kula nganti garing, kaya garingé waktu panas.
5
Dosa kula, kula omongaké marang Panjenengan, kesalahan kula ora kula tutup-tutupi; tembung kula: “Tak akoni panerakku ing ngarepé GUSTI,” Panjenengan banjur ngapura kesalahan kula awit sangka dosa kula.
6
Mulané kabèh wong bener pada ndedonga marang Panjenengan, pumpung ijik bisa ditemoni; senajan anaa banjir gedé, ora kebanjiran.
7
Panjenengan sing dadi pandelikan kula, Panjenengan ngedohké kula sangka kangèlan, Panjenengan ngemuli kula, nganti kula luwar lan surak-surak.
8
Aku arep mulangi marang kowé, Tak duduhké dalan sing kudu diliwati; Aku arep ngomongi kowé, mripat-Ku tumuju marang kowé.
9
Aja kaya jaran utawa bihal sing ora nduwé pikiran, perlu dienggoni keluh lan tali, yèn ora, ora bakal nyedaki kowé.
10
Wong duraka ngalami perih okèh, nanging sing pertyaya marang GUSTI kuwi mesti diubengi karo kawelasan.
11
Hé para wong bener, pada bungaha lan surak-suraka ing GUSTI. Hé para wong sing tulus ati, pada surak-suraka!
Javanese Bible KJS17
Tèks Surinaams Bijbelgenootschap 2018
:
Simpen Cathetan