Paduka mugi karsaa ngedalaken tumbak kaliyan wadung-perang kangge nglawan para tiyang ingkang sami ngoyak kawula; saha Paduka mugi karsaa ngendika dhateng nyawa kawula: “Ingsun kang mitulungi sira.”
Tiyang ingkang sami ngangkah nyawa kawula mugi samia kisinan lan kawirangan, tuwin ingkang ngangkah dhateng sangsara kawula mugi samia mundur lan kisinan.
Balung kawula sadaya badhe munjuk makaten: “Dhuh Yehuwah, sinten ingkang kados Paduka, ingkang ngluwari tiyang kesrakat saking tanganipun tiyang ingkang langkung kiyat katimbang piyambakipun, sarta ingkang ngluwari tiyang sangsara saha mlarat saking tanganipun ingkang ngrampog?”
Ewadene menggah kawula, nalika tiyang punika sami sakit, kawula mangangge bagor, kawula nyiksa badan kawula kaliyan siyam, tuwin pandonga kawula thukul malih wonten ing manah kawula,
Nanging sareng kawula kesandhung saha dhawah, lajeng sami bingah saha nglempak, sami nggrombol nglawan kawula; tiyang ingkang boten tepang kaliyan kawula, sami nenacad kawula tanpa kendel-kendel;
Dhuh Pangeran, ngantos benjing punapa anggen Paduka namung mirsani kemawon? Nyawa kawula mugi Paduka luwari saking pangrisakipun tiyang-tiyang punika, sarta saking singa-singa enem!
Tiyang ingkang sami nyatru dhateng kawula tanpa sabab, punika sampun ngantos sami bingah-bingah ing bab kawula, tiyang-tiyang ingkang sami sengit dhumateng kawula tanpa sabab, sampun ngantos kedhap-kedhep mripat.
Dhuh Yehuwah Allah kawula, Paduka mugi karsaa ngadili kawula ingkang salaras kaliyan kaadilan Paduka, supados tiyang punika sampun ngantos sami bingah-bingah ing bab kawula!
Sami nandhanga wirang saha isin sesarengan, tiyang ingkang sami bingah-bingah margi saking sangsara kawula, tiyang ingkang sami methenthengi kawula, sami nandhanga wirang isin.
Tiyang ingkang sami kepengin sumerep kawula dipun leresaken, punika kajengipun sami asurak-surak saha abingah-bingah! sarta tansah sami wicantena makaten: “Pangeran Yehuwah iku agung, kang ngarsakake rahayune abdine!”