×

Kitab Jawa Suriname

JABUR 36

1
Kanggo juru penyanyi. Masmuré Daved, abdiné GUSTI.
2
Dosa kuwi muni marang wong duraka ing sak njeruhné atiné; ing batiné ora ana rasa wedi lan ngajèni marang Gusti Allah,
3
awit wong mau mbujuk marang awaké déwé, nganti wong ora ngrumangsani kesalahané lan ora sengit marang kuwi.
4
Tembung sing kewetu sangka tutuké kuwi isi sing ala lan sing goroh, wis mandek enggoné nandangi wityaksana lan nglakoni kabetyikan.
5
Ing peturoné ngrantyam-ngrantyam sing ala, sing dilakoni dalan sing ora apik, lan ora ngedohi sing ala.
6
Duh GUSTI, kawelasan Panjenengan kuwi sundul langit, lan kasetian Panjenengan teka ing mendung.
7
Keadilan Panjenengan kuwi kaya gunung-gunungé Gusti Allah, putusan Panjenengan kaya segara gedé sing medèni. Duh GUSTI, Panjenengan sing mitulungi manungsa lan kéwan.
8
Ora ana sing ngungkuli ajiné katrésnan Panjenengan, duh Gusti Allah! Para anak-anaké manungsa pada ngungsi ing ngisoré sewiwi Panjenengan.
9
Pada warek karo gajih sangka griya Panjenengan, lan Panjenengan ngekèki ngombé sangka kali kesenengan Panjenengan.
10
Awit sumberé urip kuwi ing Panjenengan; enggèn kula weruh pepadang mung ing pepadang Panjenengan.
11
Kawelasan Panjenengan supaya kalubèrké marang wong sing pada kenal marang Panjenengan, lan keadilan Panjenengan marang wong sing jujur atiné.
12
Kula supaya aja nganti diidek-idek karo sikilé wong gemunggung, utawa ditundung karo tangané wong duraka.
13
Lah kuwi para wong sing nandangi ala pada tiba; pada kebanting nganti ora bisa tangi menèh.
Javanese Bible KJS17
Tèks Surinaams Bijbelgenootschap 2018
:
Simpen Cathetan