Kitab Jawa Suriname
|
| 1 |
| Masmuré Daved waktu masrahaké kurban pengéling-éling. |
| 2 |
| Duh GUSTI, kula supaya aja nganti diukum sak njeruhné bebendu Panjenengan, lan kula aja nganti dibanda ing njeruhné panasé-nesuné Panjenengan; |
| 3 |
| awit kula katekan panah Panjenengan, tangan Panjenengan wis nibani kula. |
| 4 |
| Daging kula ora ana sing waras awit sangka bebendu Panjenengan, balung kula ora ana sing slamet awit sangka dosa kula; |
| 5 |
| awit kesalahan kula wis nibani marang sirah kula kabèh kuwi kaya momotan sing liwat aboté lan kabotan kanggo kula. |
| 6 |
| Korèng kula mambu ora énak, ngemu nanah awit sangka bodo kula. |
| 7 |
| Kula nganti mbungkuk, nganti ndingkluk banget; sedina muput enggèn kula mlaku karo nganggo salin kasusahan. |
| 8 |
| Bangkèkan kula kebak tatu, lan daging kula ora ana sing utuh; |
| 9 |
| kula nglumpruk, kentèkan kekuwatan, kula sambat awit ati kula tratapan. |
| 10 |
| Duh Gusti, Panjenengan weruh kabèh kepénginan kula, lan ora tak delikké sambat kula. |
| 11 |
| Ati kula tratapan, kekuwatan kula entèk, lan mripat kula ilang semloroté. |
| 12 |
| Kantya lan kenalan kula pada sumingkir, awit sangka lara kula, lan sanak sedulur kula pada ngedohi. |
| 13 |
| Wong sing ngarah nyawa kula pada masang kala-jiret, sing ngarepké tyilaka kula pada ngrantyam bakal ngrusak kula, lan saben dina ngrantyam ngapus. |
| 14 |
| Nanging kula kaya wong budek, ora krungu, lan kaya wong bisu, sing ora mbukak tutuké. |
| 15 |
| Malah kaya wong sing ora krungu, lan tutuké ora bisa mbantahi. |
| 16 |
| Nanging Panjenengan sing kula arep-arep, duh GUSTI; Panjenengan sing bakal nyauri, duh Gusti Allah kula. |
| 17 |
| Gagasan kula mengkéné: “Anggeré wong kuwi aja nganti bungah-bungah awit sangka kula, aja nganti gemunggung yèn sikil kula gloyoran!” |
| 18 |
| Awit kula bakal tiba jalaran kesandung, lan kula tansah diganggu karo lara. |
| 19 |
| Nanging kula ngakoni kesalahan kula, kula melung-melung awit sangka dosa kula. |
| 20 |
| Mungsuh kula okèh banget, lan okèh wong sing sengit marang kula tanpa sebab; |
| 21 |
| wongé mbales ala marang kula gantiné sing apik, pada mungsuhi kula, awit kula nguber marang sing betyik. |
| 22 |
| Duh, Gusti Allah kula, GUSTI, supaya aja négakké kula, aja ngedohi kula. |
| 23 |
| Supaya gelis mitulungi kula, duh Gusti, Juruslamet kula! |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/psalms/038.mp3
150
38